assalamu

2
Assalamu'alaikum wr.wb Bapak Kepala Desa Pandeyan ingkang satuhu kinurmtan, Bapak Lurah Panderejo ingkang satuhu kinurmatan, Bapak RT, Bapak Gino ingkang kinurmatan ugi, mboten kesupen para kanca- kanca karang taruna KREM’97, lan sedoyo kemawon ingkang tansah kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas Asih saking Welas asihipun kula lan panjenengan sedaya saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara "Pengetan Ambal Warso Karang Taruna KREM’97 kaping 17." Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh, Kula minangka Ketua Karang Taruna KREM’97 ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbucal wekdal netepi sedhahan kula kangge ngrawuhi adicara menika. Salajengipun kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Dusun Panderejo ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara menika. Mboten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya panitia lan kanca-kanca amarga sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon, ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara menika. Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi, Minangka sesulihipun karang taruna, kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok bilih anggenipun ngawontenaken adicara menika kathah kekiranganipun, kiranging suba sita, kiranging pasugatan, saha kiranging palenggahan, sepisan malih kula nyuwun agunging pangaksami. Para rawuh ingkang kinurmatan Mugi-mugi kanthi adicara pengetan ambal warsa Karang Taruna Krem menika saged nuwuhaken raos enget dhumateng lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun gugur dados kusumaning bangsa.

Upload: novita-widiyaningsih

Post on 09-Apr-2016

229 views

Category:

Documents


2 download

DESCRIPTION

.......

TRANSCRIPT

Page 1: Assalamu

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Desa Pandeyan ingkang satuhu kinurmtan, Bapak Lurah Panderejo ingkang satuhu kinurmatan, Bapak RT, Bapak Gino ingkang kinurmatan ugi, mboten kesupen para kanca- kanca karang taruna KREM’97, lan sedoyo kemawon ingkang tansah kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas Asih saking Welas asihipun kula lan panjenengan sedaya saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara "Pengetan Ambal Warso Karang Taruna KREM’97 kaping 17."

Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh,

Kula minangka Ketua Karang Taruna KREM’97 ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbucal wekdal netepi sedhahan kula kangge ngrawuhi adicara menika.

Salajengipun kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Dusun Panderejo ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara menika.

Mboten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya panitia lan kanca-kanca amarga sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon, ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara menika.

Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi,

Minangka sesulihipun karang taruna, kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok bilih anggenipun ngawontenaken adicara menika kathah kekiranganipun, kiranging suba sita, kiranging pasugatan, saha kiranging palenggahan, sepisan malih kula nyuwun agunging pangaksami.

Para rawuh ingkang kinurmatan

Mugi-mugi kanthi adicara pengetan ambal warsa Karang Taruna Krem menika saged nuwuhaken raos enget dhumateng lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun gugur dados kusumaning bangsa.

Salajengipun dhumateng para mudha mugia saged nerasaken generasi KREM’97 menika menawi tumindhak migunani tumraping desa Panderejo meniko, lan ugi tumraping nusa, bangsa, nagari, lan agami.

Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan,

Cekap Semanten aturkula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum wr.wb

Rizki Setiawan