bahasa jawi
Post on 11-Dec-2015
220 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
Dasa nama : Rama Legawa
Kasatriyane : Pancawati
Gaman : Panah Gunawijaya
Sifat : Bela kautaman, belani tumindak leres, jejegaken prakawis kanthi adil,
ngayomi para brahmana miwah para kawula.
Garwa : Dewi Shinta
Patih : Narpati Sugriwa
DEWI SHINTA
Dasa nama : Dewi Janaki
Kasatriyane : Manthili
Kadigdayan : Boten saged kobar ing dahana
Sifat : Setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, narima
HANOMAN
Dasa nama : Anjani putra, Bayudara, Kapiwara, Palwaga Seta, Maruti, Ramanda,
Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, prabancana, Resi Mayangkara
Kasatriyane : Kendhalisada
Gaman : Aji sepiangin, aji pameling, aju Mundri
Sifat : Santosa ing tekad, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti
Kadigdayan : Manawi mlampah kadi angin, gampil ngertos manawi dipun betahaken tiang,
kekiyatanan astanipun ngedap-edapi.
DASAMUKA
Dasa nama : Rahwana, wis-rawaputra, Sukesiputra, Dasawanda
Kasatriyane : Alengka
Gaman / Aji-aji : Pedhang ment-awa / Pancasona
Sifat : Sumongah ses- ongaran, wengis lan kejem, licik
Patih : Prahastha
Kadigdayan : Angel pejahipun jalaran sirahipun sedasa boten saged pejah
LAKSMANA
Dasa nama : Widagda, Sumitratmaja
Kasatriyane : Girikastuba
Gaman / Aji-aji : Jemparing Naracabala, Panah Banuwastra / Rajah Kalacakra, mantra
Kalacakra.
Sifat : Jujur, bekti dhateng sadherek sepuh, santosa ing tekad, tansah bela
ingkang leres, jejegaken prakawis kanthi adil, remen ngayomi saha paring pitulungan dhateng
tiyang sanes ingkang sangsaya saha kaaniaya.
Garwa : Wadat
INDRAJIT
Dasa nama : Megananda
Kasatriyane : Bikukungpura
Gaman / Aji-aji : Panah Wijalita saged ngedalaken latu, panah rante Wimahanasha saged
ngedalaken wisa, panah Nagapasa saged dadi sawer maewu-ewu / Aji sirep
Kadigdayan : Kekiyatanipun saged nelukaken ratu-ratu jajahan, saged mabur, saha
nyipta kembranipun kathah sanget maewu-ewu
Sifat : Sumonggah sesongaran, kendel, santosa ing tekad
Rama : Prabu Dasamuka
Ibu : Dewi Sumbagawati
Garwa : Dewi Sumbagawati, Dewi Indraningrum
SUBALI
Dasa nama : Guwarsi
Kasatriyane : Sonyapringga
Aji-aji : Aji Pancasina, nyawanipun rangkep gangsal
Sifat : Santosa ing tekad, taberi teteki
Rama : Resi Gohtama
Ibu : Dewi Indradi
Garwa : Dewi Tara nurunaken Jaya Anggada
SUGRIWA
Dasa nama : Guwarsa
Kasatriyane : Guwa Kiskendha
Gaman / Aji-aji : -Sifat : Sentosa ing tekad, taberi ing teteki
Patih : Jaya Anila
Rama : Resi Gotama
Ibu : Dewi Indradi
Garwa : Dewi Tara nurunaken Raden Jaya Anggada tetilaranipun Resi Subali
KUMBAKARNA
Dasa nama : Arya Lemburgangsa
Kasatriyane : Panglebur gangsa
Gaman : Gedhong menga, Pethakgelak Sakethi
Sifat : Gadhah jiwa satriya, jujur, bela tumindak leres, tansah ngrungkepi pertiwi
Kadigdayan : Saged numpes bala wanara
JAYA ANGGADA
Dasa nama : -Kasatriyane : Kunthara
Gaman / Aji-aji : -Sifat : Sentosa ing tekad
Rama : Resi Subali
Ibu : Dewi Tara
DASARATA
Dasa nama : -Kasatriyane : Ayodya
Rama : Prabu Wimasucandra
Ibu : Tunjung Biru
Garwa : Dewi Ragu, dewi Sumitra, dewi Kekayi
Sifat : Sentosa ing tekad, jujur, berbudi bawa leksana
JAYA ANILA
Dasa nama : -Kasatriyane : Kiskendha
Rama : Resi Narada
Sifat : Santosa ing tekad
Aji-aji : Sepiangin, mlampahipun cepet kados angin
JEMBAWAN
Dasa nama : -Kasatriyane : Gandamadana
Rama : Resi Pulastya
Garwa : Dewi Tri Jatha (Jembawati)
Sifat : Setya tuhu dhateng Gustinipun, remen prihatos
Kadigdayan : Dados senopati, Yuswa panjang
Aji-aji : Aji pengasihan
DEWI SUMITRA
Dasa nama : Dewi Priti
Kasatriyane : Ayodya
Rama : Bathara Hura / Prabu Ruryana
Garwa : Prabu Dasarata
Sifat : Setya bekti dhateng guru laki saha kadang sepuh
SARPAKENAKA
Dasa nama : -Kasatriyane : Alengka
Rama : Resi Wisrawa
Ibu : Dewi Sukesi
Garwa : Ditya Karadusana, Wirupaksa, Aanimpraba, Pratamadagni, wilugangga
Sifat : Wengis, kejem, srakah, lemeran
Kadigdayan : Trengginas, boten gadhah raos ajrih
Aji-aji : Kuku asta ingkang mawa wisa
DEWI TRIJATHA
Dasa nama : -Kasatriyane : Alengka
Rama : Raden wibisana
Ibu : Dewi Triwati
Garwa : Kapi Jembawan nurunaken Jembawati
Sifat : Setya bekti dhateng guru laki lan gusti, tanggel jawab, bela dhateng tindak
leres lan kautamen
top related