adat jawa

4
Nama : Dhika Agil P. No : 13 Kelas : X AB 1 Pangantènan adat Jawa Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung. Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga. Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané: Bab lan Paragraf 1. Siraman Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn . Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.ꦩꦶꦴꦤꦶ ==Midodaren== Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren

Upload: feri-firdiansyah

Post on 13-Sep-2015

73 views

Category:

Documents


5 download

DESCRIPTION

Adat Jawa

TRANSCRIPT

Nama : Dhika Agil P.No : 13Kelas : X AB 1Pangantnan adat JawaUpacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijin upacara sakral adat Jawa sing nduw rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangak pepanggihan antaran pengantn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdn raja lan ratu.Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalem pengantn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantn putri nanging tetep dibantu dning kaluwarga saking pengantn kakung.Rantaman adicara pengantnan adat Jawa ing saben dharah bda miturut ekonomi saben kaluwarga.Upacara-upacara pengantn adat Jawa antaran:Bab lan Paragraf1. SiramanKanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: SiramanAcara siraman iku sejatin upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantn. Upacara iki diselenggarakak sedina sadurung ijab kabul lan dilakokak ing omah calon pengantn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantn banjur sedulur liyan uga kalebu pemaes.==Midodaren== Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: MidodarenTembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.Rerangken acara neng wengi midodaren iki sj-sj ing saben dharah, kadhang ana sing dibarengak karo acara peningsetan lan srah-srahan.2. Srah-srahanSrah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantn kakung mnhak uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakak pahargyan pengantnan. Tuladhan uba ramp, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyan iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprap kanggo ngragati upacara pahargyan ing omah pengantn putri.3. Upacara panggihSarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuan yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantn putri ketemu (panggih) karo pengantn kakung kanggo nerusak upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.4. Upacara balangan suruhUpacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antaran pengantn kakung lan putri.5. Upacara wiji dadiPenganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyan pengantn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.6. PupukIbu pengantn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.7. SinduranLumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.Sinduren saking tembung sin -isin ndur mundur ing kono anggadahi arti selendang ingkang warnanipun abit (abang)kadhapuk kalianpethak ingkang nglambangake persatuan sakinng bapak lan ibu.8. TimbangPinangantn sak kloron lungguh ing pangkonan bapak pengantn putri, minangka perlambang katresnan wong tuwa marang anak padha karo mantu.9. DhkorasiDhkorasi dipasang ing dalem sing duw gaw, wujud werna-werna.10. Dhahar KlimahPengantn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.11. MertuiWong tuwane pengantn putri methuk wong tuwan pengantn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.12. SungkemanPinangantn sak kloron sungkem nyuwun pangstu marang wong tuwa kekalih.13. Kendurn / respsiKendurn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantnan, uga kadang diarani respsi utawa walimahan. Sejatin kagiyatan iki nduw makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakak. Ing acara iki, pasangan pengantn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.14. DhkorasiDhkorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernan wonten kathah.15. Masang TarubMasang tarub gumantung marang kahanan ing dalem sing duw kajad.16. PemaesUpacara paesing calon pengantn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantn.17. Uga pirsaniNingali calon pengantn putri ing griya tiyang sepuhipun.