05. khotbah minggu 19 oktober 2014

24
BRAYAT NGRAOSAKEN PANUNGGILIPUN GUSTI Cathetan : Irah-irahan kotbah ing Basa Indonésia inggih punika “Keluarga Menghayati Penyertaan Tuhan.” Tembung “menghayati” ing Kamus Besar Bahasa Indonesia tegesipun “mengalami dan merasakan sesuatu (di batin).” Pramila tembung “menghayati” ing irah-irahan kasebat kapertal nganggé tembung “ngraosaken” utawi pengkotbah saged mertal tembung “mengalami” kanthi tembung “nemahi.” LPP Sinode Wulan Brayat 2014 30 WULAN BRAYAT Minggu III, 19 Oktober 2014 Waosan I Pangentasan 33:12-23 Tanggapan Jabur Masmur 99 Waosan II I Tésalonika 1:1-10 Injil Matéus 22:15-22

Upload: nitarusana

Post on 26-Dec-2015

76 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

BRAYAT

NGRAOSAKENPANUNGGILIPUN

GUSTI

Cathetan: Irah-irahan kotbah ing Basa Indonésia inggih punika “Keluarga Menghayati Penyertaan Tuhan.” Tembung “menghayati” ing Kamus Besar Bahasa Indonesia tegesipun “mengalami dan merasakan sesuatu (di batin).” Pramila tembung “menghayati” ing irah-irahan kasebat kapertal nganggé tembung “ngraosaken” utawi pengkotbah saged mertal tembung “mengalami” kanthi tembung “nemahi.” Temtunipun ngraosaken utawi nemahi ing ngriki magepokan kaliyan raos-pangraos ing jagading

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

30

WULAN BRAYAT

Minggu III, 19 Oktober 2014

Waosan IPangentasan 33:12-23

TanggapanJabur Masmur 99

Waosan III Tésalonika 1:1-10

InjilMatéus 22:15-22

Page 2: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

batos, dados boten namung ngraosaken tanpa wonten daya pangaribawanipun.

DHASARING PAMAWASLampah gesang bebrayatan punika boten salaminipun gampil rancag, wonten kala mangsanipun nemahi kawontenan manéka warni. Wonten wekdalipun bingah tanpa wangenan, wonten wekdal nemahi panandhang-rudatin ingkang awrat sanget, nampi bebingah ingkang èstu ngremenaken utawi dipun lepataken péhak sanès tanpa saged kaapunten. Sadaya kawontenan kasebat minangka rerengganing lampahipun brayat. Prayogi dipun raos-raosaken bilih Gusti nunggil kaliyan kita ing sadhéngah kawontenan. Kotbah samangké mbereg kita mitadosi kanthi tumemen magepokan panunggilipun Gusti ingkang boten naté éwah-gingsir ing sauruting lampah gesangipun brayat.

DHAPTAR WAOSAN KITAB SUCI Boten wonten béda waosan lèksionari antawisipun GKJ lan GKI. Béda ingkang wonten namung ing bab irah-irahan kotbah. Jejer ingkang kapacak déning GKJ inggih punika “Brayat Ngraosaken Panunggilipun Gusti”, déné GKI macak jejer “Tanganku Kinanthi klawan Teguh.” Kekalihipun mbereg pasamuwan supados nglenggana bilih panunggilipun Gusti dhateng umatipun tansah kababar sinaosa umatipun asring tumindak boten setya dhumateng Panjenenganipun.

KATRANGAN WAOSAN

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

31

Page 3: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

Pangentasan 33:12-23Pangentasan bab 33 punika mujudaken kalajenganing bab 32. Bab 32 nyariosaken pambalélanipun bangsa Israèl kanthi manembah dhateng pepethan pedhèt déné pawadanipun damel réca kasebat awit raosing manah ingkang ajrih, kuwatos saha kécalan kayakinan jalaran sampun 40 dinten 40 dalu Musa wonten ing pucaking redi Sinai lan boten wonten tandha-tandha anggènipun wangsul mandhap. Bab 32:1 nyariosaken anggènipun tiyang-tiyang Israèl nyereg Harun ndamelaken allah ingkang badhé nerasaken kapamimpinanipun Musa, pangintenipun, Musa tiwas ing redi Sinai. Ayat kasebat jajar kaliyan bab 32:23.

Pepethan ingkang kadamel awujud pedhèt mas, blegeripun kados déné Apis inggih punika déwanipun tiyang Mesir awujud lembu utawi salah satunggaling déwa ingkang dipun suwitani tiyang-tiyang Kanaan. Mataun-taun sasampunipun kedadosan kasebat, raja Yérobéam ing Israèl siring Lèr taksih ngginakaken tembung-tembung ingkang sami kanggé nggambaraken pedhèt mas ingkang dipun damel minangka sesembahan ing kitha Bètèl lan Dan. Nanggapi pambaléla ingkang makaten punika, Musa sowan Gusti lan adreng nyuwun pangapunten. Gusti lajeng ngapunteni lan mberkahi Israèl, saha paring dhawuh dhateng Musa supados nglajengaken mimpin Israèl tumuju tanah prajanjian. Gusti ugi mratélakaken kaadilanipun kanthi paring bebendu tumrap tiyang-tiyang kasebat magepokan kaliyan kadurakan ingkang sampun katindakaken. Bab 32:28 mratélakaken bilih kinten-kinten tiyang cacah 3.000 tiwas ing dinten kasebat lan punika mujudaken paukumanipun Gusti.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

32

Page 4: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

Prakawis punika ingkang nalesi waosan samangké. Bab 33 ngewrat wawan-rembagipun Musa kaliyan Gusti gegayutan kaliyan panyuwunan pangapunten saha tansah nyuwun panunggilipun Gusti ing salebeting ngudi gegadhangan tumuju tanah prajanjian. Bab 33:1 mratélakaken katetepanipun Gusti magepokan kaliyan tanah prajanjian bilih Panjenenganipun tansah nuntun bangsa nuju tanah kamardikan ingkang ing sauruting margi asring mbaléla. Kasetyanipun Gusti kawiwitan anggènipun nimbali bapa leluhur saha prasetya bab tanah prajanjian dhumateng Abraham lan tedhak-turunipun. Gusti Allah ingkang nimbali sakawit, miwiti saha kuwaos nunggil kaliyan umatipun. Nanging prakawis dèrèng kandheg dumugi ngriku, jalaran panunggilipun Gusti kababar lumantar malaékat utusanipun. Sanès astanipun Gusti piyambak ingkang nganthi. Musa mratélakaken raos sumelangipun, punapa ginanipun nggayuh tanah Kanaan ingkang kebak puwan lan madu menawi anggènipun nggayuh tanpa tinunggil déning Gusti piyambak.

Musa lajeng nyuwun dhumateng Gusti supados saged ningali kamulyanipun Gusti. Cetha bilih boten badhé saged aben-ajeng tatap pasuryan, jalaran kasucènipun Gusti badhé mejahi manungsa. Ayat 21-23 mujudaken cara anggènipun Gusti nedahaken kamulyanipun tanpa ndhatengaken tiwas tumraping manungsa mirungga tumrap Musa. Punika ateges bilih Gusti Allah badhé tansah nunggil umatipun kanthi cara manéka warni supados kamulyanipun Gusti Allah boten nyirnakaken manungsa.

Saking waosan kapisan punika, kita manggihaken sawatawis prakawis ingkang wigati tumrap gesang kapitadosan kita jaman samangké:

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

33

Page 5: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

1. Gusti Allah ingkang miwiti kanthi nimbali bapa leluhur badhé tansah setya dhateng prajanjinipun inggih punika nunggil umatipun. Punapa punika sanès prakawis wigati ingkang kedah tansah kita raos-raosaken ing satengahing brayat Kristen? Kedahipun kita tetep yakin bilih Gusti Allah ingkang kagungan karsa miwiti saha mberkahi brayat badhé tetep setya nunggil brayat ing manéka warni kawontenaning gesang. Sinaosa naté lepat anggèn kita nglampahi bebrayatan, nanging kita kedah tetep pitados bilih Gusti Allah tansah cumadhang nunggil kita.

2. Bok menawi samangké kita nemahi panglimbang awrat ing gesang temahan njalari kécalan pangajeng-ajeng saha icaling ener gesang kados déné Israèl ingkang kuwatos jalaran nggadhahi panginten Musa tiwas ing redi Sinai. Bok menawi kita badhé kapencut ngeneraken pamawas saha manah kita manembah dhateng allah sanès. Ing kawontenan kasebat kita boten yakin bilih Gusti nuntun gesang punapa déné brayat kita kepara paring wewengan allah-allah sanès dados panutan gesang kita. “allah-allah” kados déné pepethan pedhèt mas ing jaman samangké saged awujud kaunggulan ngéramaken salebeting makarya, kasugihan ingkang lubèr lan sapanunggilipun. Sinaosa makaten, pitadosa bilih allah-allah sanès kasebat namung badhé ngewohakan banten. Kita saged ngudi bandha-donya kasugihan, nanging kécalan katresnanipun anak-anak kita. Kita saged nggayuh pucaking kaunggulan ing salebeting nyambut damel, nanging ancik-ancik pucuking eri jugaripun brayat. Kita dados mitra ingkang sanget nggatosaken lan celak rencang-rencang lumantar internèt, nanging dados pribadi ingkang tebih kaliyan brayat piyambak.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

34

Page 6: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

3. Sumangga nuladha sikepipun Musa, punapa ginanipun Kanaan menawi boten tinunggil déning Gusti? Punapa ginanipun negari ingkang kebak puwan lan madu, menawi boten tinunggil Gusti ing madyaning pagesangan? Pancèn kita prelu nggayuh “Kanaan” kita, nanging boten ateges kita boten mbetahaken Gusti babar pisan.

Jabur Masmur 99Jabur Masmur 99 mujudaken pratélan pujèn saha pangaken magepokan kaliyan Gusti ingkang jumeneng Ratuning Kasucèn tumrap manungsa. Panggunggung dhateng Gusti kasebat kapratélakaken ing sekawan prakawis wigati inggih punika:1. Gusti punika Ratu ingkang santosa. Ratu ingkang

santosa punika mawujud anggènipun sang ratu tresna dhateng pranatan utawi paugeran (hukum) saha njejegaken bebener.

2. Gusti punika Ratu ingkang tansah makarya. Ratu ingkang tansah makarya ing sujarahing Israèl wiwit jaman rumiyin ngantos kiamat mangké. Gusti punika Ratu ingkang tansah nunggil umatipun, déné katresnanipun kaanyam ing sujarah punapa déné kawontenan sanyata.

3. Gusti punika Ratu ingkang welas-asih sanget, nanging ugi dados Ratu Adil. Gusti ngapunteni kalepatanipun manungsa ananging ugi wenang paring bebendu tumrap manungsa ingkang lepat. Babaring sih-susetyanipun Gusti kasebat, kanthi boten males durakanipun manungsa satraju kaliyan kalepatanipun manungsa.

4. Tanggapan ingkang leres dhumateng Gusti minangka Ratu inggih punika kanthi tumemen suwita dhateng Panjenenganipun katitik ing cara gesang tansah ngandhemi bebener saha kaadilan.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

35

Page 7: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

Saking masmur tanggapan punika, kita kaèngetaken supados tansah manembah dhumateng Gusti ingkang jumeneng Ratu kanthi cara gesang ingkang leres lan tumindak adil. Tembung leres jarwanipun laras kaliyan ingkang samesthinipun utawi manah ingkang lenceng. Tembung adil jarwanipun boten méhak, boten bot sisih lan tansah ngandhemi kaleresan.

I Tésalonika 1:1-10Waosan kasebat mujudaken serat kintunanipun Rasul Paulus tumrap pasamuwan ing Tésalonika. Serat punika mujudaken isining manahipun Paulus ingkang rumaos bombong magepokan kawontenan pasamuwan Tésalonika. Boten namung raos bombong, Paulus ugi mratélakaken pamatur nuwunipun dhumateng pasamuwan punika awit pasamuwan Tésalonika sampun mbudidaya ngudi supados gesangipun dados tuladha tiyang kathah. Patuladhanipun ingkang dipun tedahaken déning pasamuwan magepokan kaliyan kasetyan punapa déné katresnanipun. Ayat 2-3 mratélakaken anggènipun Paulus ngalembana bab “pagawéaning pracaya”, “pambudi-dayaning katresnan” lan “kaantepaning pangarep-arep.” Tigang prakawis kasebat boten dumadakan dumados, nanging wewatekan kasebat prelu dipun budidaya kanthi tumemen. Pramila Paulus ngalembana pambudi-dayanipun pasamuwan ing Tésalonika.

Prakawis sanès ingkang damel bombong Paulus tumrap pasamuwan Tésalonika kacetha ing ayat 9: “...padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati.” Prakawis kasebat wigati tumraping Paulus jalaran sapérangan ageng pasamuwan Tésalonika punika sanès tiyang Yahudi

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

36

Page 8: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

déné sakawit kadosipun naté manembah dhateng déwa-dèwi ing ngriku. Mila wonten sawatawis prakawis wigati ingkang kawulangaken lumantar waosan kasebat inggih punika: [1] Kapitadosan lan pratingkah. Kapitadosan punika mitadosaken gesangipun dhateng Gusti Yésus lan pratingkah punika nilar brahala ingkang sinembah. [2] Pangandika lan pratingkah. Pangandika inggih punika pratélaning karsanipun Gusti katindakaken kanthi tumemen lumantar pratingkah gesang ingkang saged dados tuladha kanggé tiyang sanès. [3] Kayakinan lan pratingkah. Kayakinan kababaraken ing tigang prakawis inggih punika kapitadosan, pangajeng-ajeng lan katresnan. Tigang prakawis kasebat kedah kababar nyata.

Saking waosan 1 Tésalonika kita nyinau pratingkah ingkang nedahaken cara gesangipun tiyang pitados inggih punika nilar brahala sesembahanipun lan dados tuladha ing bab kasetyan punapa déné katresnan. Brahala ing Tésalonika wekdal samanten inggih punika déwa-dèwi sesembahanipun, wondéné ing jaman samangké brahalanipun inggih punika sikep nyingkur Gusti. Bebayaning brahala kasebat wonten ing sakiwa tengen kita, déné bebayanipun saged gulet-raket sanget kaliyan kita. Tantangan sanès magepokan kaliyan kapitadosan kita inggih punika kasagedan ngéja-wantahaken kapitadosan ing tata lakuning gesang ingkang nedahaken kasetyan saha katresnan temahan kita saged dados tuladha tumrap tiyang sanès. Sadaya prakawis kasebat saged kita babaraken wiwit saking brayat kita. Contonipun bab kasetyan antawisipun tiyang jaler lan èstri sémahipun, pagesanganing brayat ingkang sami tresna tinresnan lan sapanunggilipun.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

37

Page 9: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

Matéus 22:15-22Waosan kita punika nyariosaken réka-dayanipun tiyang-tiyang Farisi anggènipun badhé njiret Gusti Yésus kanthi pitakènanipun. Tiyang Farisi ngutus siswanipun sesarengan kaliyan tiyang-tiyang Hérodhian, inggih punika tiyang-tiyang ingkang tata politik antek-antek brayatipun Hérodhès Sang Nata Agung lan putranipun inggih punika Hérodhès Antipas. Tiyang-tiyang punika golonganing tiyang ingkang adreng Hérodhès jumeneng ratu ing Yérusalem.

Pitakènan ingkang dados kalajiret punika magepokan kaliyan prabéya: Punapa dipun parengaken mbayar pajeg dhateng Sang Nata Agung? Punika pitakènan ingkang mbebayani jalaran magepokan kaliyan panguwaos karajan Rum. Tiyang-tiyang Yahudi kedah mbayar pajeg dhumateng pamarintah Rum ingkang nguwaosi negarinipun. Pemimpin karajan Rum ingkang sanget dipun bektèni inggih punika Sang Nata Agung. Menawi Gusti Yésus paring panjawab bilih boten prelu mbayar pajeg, para pemimpin Yahudi temtu badhé ndakwa bilih Panjenenganipun ngojok-ojoki utawi mulang sikep boten mbangun-turut dhateng pamarintah.

Dados, pitakènan kasebat ancasipun boten leres lan nuwuhaken lelimbangan ingkang wigati. Tiyang-tiyang Farisi boten remen kajajah déning Rum déné mbayar pajeg ateges tandha anggènipun teluk saha ngakeni panguwaosipun tiyang Kafir. Punapa malih prabéyanipun ngginakaken arta ingkang gambaripun Sang Nata Agung ingkang dipun ugemi ugi dados tandha teluk dhateng déwa bangsa sanès. Ing sisih sanès, tiyang-tiyang Hérodhian ingkang adreng

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

38

Page 10: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

nyengkuyung Hérodhès dados ratu ing ngrika, satata politik mbetahaken idi-pangèstu saking Sang Nata Agung ing Rum supados tetep langgeng kalenggahanipun.

Gusti Yèsus pirsa pamawas saha niyating manahipun tiyang-tiyang kasebat. Pramila Panjenenganipun dhawuh supados tiyang-tiyang kasebat nedahaken arta ingkang padatanipun kaanggé mbayar pajeg dhateng Sang Nata Agung. Arta satunggal dinar wekdal samanten wonten gambaripun Sang Nata Agung Tibérius ing satunggal sisihipun. Gusti Yésus mangsuli pitakènanipun tiyang-tiyang Farisi inggih punika supados tiyang-tiyang kasebat maringaken dhateng Sang Nata Agung ingkang dados darbèkipun Sang Nata lan ngaturaken dhateng Gusti ingkang dados kagunganipun Gusti. Manungsa punika kadya arta kagunganipun Gusti awit jejering manungsa punika mujudaken gambar citraning Allah. Prayogi menawi manungsa ngaturaken gesangipun dhumateng Gusti ingkang nguwaosi gesangipun manungsa. Wangsulanipun Gusti Yésus nedahaken bilih sampun ngantos katandhingaken antawisipun pamarintahanipun Gusti kaliyan pamarintahan kadonyan. Ing ayat 21, Gusti Yésus mratélakaken karsanipun: “Mulané Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah.” Makaten anggènipun Gusti nandhesaken prakawis ngaturaken ingkang dados “kagunganipun Allah” lan ingkang dados “darbèkipun Sang Nata Agung.”

Panyerat bahan punika ngraos-raosaken bilih tembung “kagungan/ darbèk” punika magepokan kaliyan “hak” ingkang kedah dipun aturaken wangsul

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

39

Page 11: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

dhateng ingkang wenang ngehaki. Prakawis ingkang wigati ingkang dipun prayogèkaken panyerat bahan punika supados kita ngraos-raosaken magepokan kaliyan ngaturaken punapa ingkang dados hakipun péhak sanès. Ngaturaken ingkang dados “hakipun pamarintah” upaminipun pajeg. Ngaturaken ingkang dados “kagunganipun Gusti” upaminipun kanthi misungsungaken gesang konjuk Gusti. Mirungga ing Wulan Brayat punika kita sesarengan sami sinau ngaturaken pérangan gesang kita dhateng péhak ingkang gadhah wenang ngehaki.

S. Covey mbiyantu kita mangretosi pamawas kasebat, kanthi nggatosaken tugas timbalan kita lan péhak ingkang gadhah hak nyuwun tanggel jawab kita. Menawi kita minangka tiyang jaler mila ingkang gadhah hak nyuwun tanggel jawab kita inggih punika sémah, makaten ugi kosok-wangsulipun. Menawi jejer kita tiyang sepuh mila anak-anak kita ingkang gadhah hak nyuwun tanggel jawab kita minangka tiyang sepuh. Cara sesambetan makaten punika saged katindakaken déning sinten kémawon dadosa minangka anak, karyawan, mitra-kadang, sadhèrèk, pandhita, pradata lan sapiturutipun. Kita wajib ngaturaken dhateng péhak sanès ingkang gadhah hak nyuwun tanggel jawab magepokan tugas timbalan ingkang kita tampèni ing gesang punika.

UNDERANING PIWULANG1. Lampah gesang bebrayatan punika boten

salaminipun gampil rancag, wonten kala mangsanipun nemahi kawontenan manéka warni. Wonten wekdalipun bingah tanpa wangenan, wonten wekdal nemahi panandhang-rudatin ingkang awrat sanget, nampi bebingah ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

40

Page 12: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

èstu ngremenaken utawi dipun lepataken péhak sanès tanpa saged kaapunten. Sadaya kawontenan kasebat minangka rerengganing lampahipun brayat. Prayogi dipun raos-raosaken bilih Gusti nunggil kaliyan kita ing sadhéngah kawontenan.

2. Prayogi sami nglenggana bilih wonten panggodha ingkang eneripun manembah dhateng brahala. Ing satengahing kawontenan ingkang angèl, kécalan pangajeng-ajeng punapa déné enering mangsa ngajeng; ingkang nama panggodha punika nengsemaken driya. “Brahala” punika saged mawujud kadosta cara gesang nilar utawi tebih saking kaleresan saha sikep adil. Saged ugi kita kablithuk damel “brahala-brahala” anyar awujud tèknologi, gadget utawi piranti èlèktronik ing gesang kita.

3. Gusti Yésus mulang kita supados ngaturaken punapa ingkang wajib kaaturaken dhateng sesami ingkang gadhah hak magepokan adeg kita. Kita saged ndhaptar tugas timbalan lan tokoh wigati magepokan tugas kasebat. Pérangan salajengipun satunggaling conto tugas timbalan kita (kasumanggakaken anggènipun ndhaptar manut kawontenan kita piyambak-piyambak). Saking dhaptar kasebat, sumangga kita tansah sinau ngaturaken ingkang wajib kita aturaken dhateng sesami ingkang gadhah wenang magepokan kawontenaning gesang kita.

Timbalan Kita

TokohWigati

Hak ingkang Kedah Kita Aturaken dhumateng

Tokoh WigatiManungsa Gusti Gesang leres lan tumindak

adilTiyang

jalerSémah kita Ngeteraken lan

ngrencangi priksa dhateng

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

41

Page 13: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

dhokter Tiyang sepuh

Anak Ngeteraken sekolah, ngrencangi sinau

Pradata Pasamuwan Patuwèn dhateng warga pasamuwan

KHOTBAH

BRAYAT NGRAOSAKEN PANUNGGILIPUN GUSTI

Ibu, Bapak lan para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani déning Gusti Yésus Kristus, waosan kapisan kita, Pangentasan 32, mujudaken cariyos pambalélanipun Israèl kanthi manembah dhateng réca pedhèt. Bab 32:1 nyariosaken anggènipun tiyang-tiyang Israèl nyereg Harun ndamelaken allah ingkang badhé nerasaken kapamimpinanipun Musa, pangintenipun, Musa tiwas ing redi Sinai. Pepethan ingkang kadamel awujud pedhèt mas, blegeripun kados déné Apis inggih punika déwanipun tiyang Mesir awujud lembu utawi salah satunggaling déwa ingkang dipun suwitani tiyang-tiyang Kanaan. Nanggapi pambaléla ingkang makaten punika, Musa sowan Gusti lan adreng nyuwun pangapunten. Gusti lajeng ngapunteni lan mberkahi Israèl, saha paring dhawuh dhateng Musa supados nglajengaken mimpin Israèl tumuju tanah prajanjian. Gusti ugi mratélakaken kaadilanipun kanthi paring bebendu tumrap tiyang-tiyang kasebat magepokan kaliyan kadurakan ingkang sampun katindakaken. Bab 32:28

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

42

Page 14: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

mratélakaken bilih kinten-kinten tiyang cacah 3.000 tiwas ing dinten kasebat lan punika mujudaken paukumanipun Gusti.

Pangentasan 33 ngewrat wawan-rembagipun Musa kaliyan Gusti gegayutan kaliyan panyuwunan pangapunten saha tansah nyuwun panunggilipun Gusti ing salebeting ngudi gegadhangan tumuju tanah prajanjian. Bab 33:1 mratélakaken katetepanipun Gusti magepokan kaliyan tanah prajanjian bilih Panjenenganipun tansah nuntun bangsa nuju tanah kamardikan ingkang ing sauruting margi asring mbaléla. Gusti Allah ingkang nimbali, miwiti lan kagungan rancangan badhé tansah nunggil umatipun, sinaosa umatipun kasebat asring mangkotaken manahipun.

Nanging prakawis dèrèng kandheg dumugi ngriku, jalaran panunggilipun Gusti kababar lumantar malaékat utusanipun. Sanès astanipun Gusti piyambak ingkang nganthi. Musa mratélakaken raos sumelangipun, punapa ginanipun nggayuh tanah Kanaan ingkang kebak puwan lan madu menawi anggènipun nggayuh tanpa tinunggil déning Gusti piyambak.

Musa lajeng nyuwun dhumateng Gusti supados saged ningali kamulyanipun Gusti. Cetha bilih boten badhé saged aben-ajeng tatap pasuryan, jalaran kasucènipun Gusti badhé mejahi manungsa. Pangentasan 33:21-23 mujudaken cara anggènipun Gusti nedahaken kamulyanipun tanpa ndhatengaken tiwas tumraping manungsa mirungga tumrap Musa. Punika ateges bilih Gusti Allah badhé tansah nunggil umatipun kanthi cara manéka warni supados

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

43

Page 15: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

kamulyanipun Gusti Allah boten nyirnakaken manungsa.

Ibu, Bapak lan para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani déning Gusti Yésus Kristus, lumantar pangandika dinten punika, sumangga kita tansah mitadosi bilih panunggilipun Gusti tumrap kita sempulur lestantun, kalebet ing lampah gesanging brayat kita. Lampah gesang saben brayat punika boten salaminipun gampil rancag, wonten kala mangsanipun nemahi kawontenan manéka warni. Wonten wekdalipun bingah tanpa wangenan. Wonten wekdalipun nemahi panandhang-rudatin ingkang awrat sanget. Wonten wekdalipun nampi bebingah ingkang èstu ngremenaken. Ugi wonten wekdalipun dipun lepataken péhak sanès tanpa saged kaapunten. Sadaya kawontenan kasebat minangka rerengganing lampahipun brayat. Prakawis wigati ingkang prelu karaos-raosaken inggih punika Gusti tansah nunggil kaliyan kita ing sadhéngah kawontenan. Pitadosa bilih Gusti ingkang miwiti lan mberkahi brayat badhé tansah setya-tuhu nunggil lampah gesanging brayat kita.

Satunggaling filem nyariosaken priyayi asmanipun Dèrèk. Piyayi punika satunggaling olahragawan ingkang ndhèrèk Olimpiade taun 1992 nanging nemahi sakit, niba-nangi lan mlajar kanthi ngrekaos. [menawi saged dipun setèlaken filem kasebat, éwadéné boten ugi boten dados punapa] Nalika celak ing garis pungkasan, wonten tiyang sanès ingkang nyelaki lan mbiyantu ngantos nyandhak garis wekasan, lan piyayi ingkang mbiyantu Dèrèk kasebat inggih punika bapanipun piyambak. Bapa tata kadonyan kémawon purun mbiyantu kanthi legawaning manah, temtunipun Rama ing Swarga

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

44

Page 16: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

nindakaken kasaénan ingkang nglangkungi samukawis. Sumangga kita netepaken ing salebeting manah bilih badhéa kados punapa kawontenan kita, kawontenan brayat, kawontenan gesang kita; Gusti mesthi mitulungi saha nunggil ing sauruting lampah gesanging brayat kita. Tansah bingaha ngrimati brayat peparingipun Gusti.

Ibu, Bapak lan para Sadhèrèk ingkang dipun tersnani déning Gusti Yésus Kristus, prakawis sanès ingkang saged kita pethik saking pangandika samangké inggih punika gesang nilar “brahala”, jarwanipun ngaturi Gusti minangka sesembahan ingkang utami wonten gesang kita saha boten badhé saged kagantos déning punapa kémawon.

Magepokan kaliyan nilar brahala, kita prelu mrastawakaken pratingkahing gesang kita jaman samangké. Punapa tèknologi kados déné gadget ingkang kaginakaken punika njalari kita ngener dhateng sikep gesang ingkang boten leres? Punapa kita ngraosaken bilih gadget ingkang langkung anyar lan langkung ngéramaken ndadosaken kita boten wonten munpangatipun ing gesang punika? Punapa kita rumaos boten gadhah ajining dhiri jalaran gadget ingkang kita anggé kasunyatanipun ajinipun rèmèh katandhingaken darbèkipun tiyang sanès? Brahala mawujud kanthi pratingkah ingkang ndadosaken manungsa namung langkung nengenaken gadgetipun katimbang sesambetan antawisipun satunggal lan satunggalipun wonten ing madyaning gesang bebrayatan, pasamuwan punapa déné masyarakat.

Ibu, Bapak lan para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani déning Gusti Yésus Kristus,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

45

Page 17: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

saking waosan Injil dinten punika, kita sinau anggènipun Gusti Yésus nanggapi pitakènanipun tiyang Farisi lan Hérodhian. Menawi Gusti paring wangsulan bilih tiyang-tiyang punika boten prelu mbayar prabéya, para pemimpin Yahudi badhé ndakwa bilih Panjenenganipun mulang supados ngraman dhateng pamarintah Rum. Tiyang-tiyang Farisi boten remen kajajah déning Rum déné mbayar pajeg ateges tandha anggènipun teluk saha ngakeni panguwaosipun tiyang Kapir. Punapa malih prabéyanipun ngginakaken arta ingkang gambaripun Sang Nata Agung ingkang dipun ugemi ugi dados tandha teluk dhateng déwa bangsa sanès. Ing sisih sanès, tiyang-tiyang Hérodhian ingkang adreng nyengkuyung Hérodhès dados ratu ing ngrika, satata politik mbetahaken idi-pangèstu saking Sang Nata Agung ing Rum supados tetep langgeng kalenggahanipun

Ing ayat 21, Gusti Yésus mratélakaken karsanipun: “Mulané Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah.” Makaten anggènipun Gusti nandhesaken prakawis ngaturaken ingkang dados “kagunganipun Allah” lan ingkang dados “darbèkipun Sang Nata Agung.”

Arta ingkang wonten gambaripun Sang Nata Agung punika darbèkipun Sang Nata, déné manungsa punika kagunganipun Gusti, gambar saha pasemonipun Gusti. Misungsungna gesang kita konjuk Gusti jalaran Panjenenganipun ingkang nguwaosi gesang kita. Sumangga kita aturaken ingkang dados “hakipun sang nata” lan konjuk Gusti ingkang dados “kagunganipun Gusti.” Tembung “darbèk” magepokan ugi kaliyan “hak” ingkang kedah

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

46

Page 18: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

kaaturaken dhateng ingkang wenang dhateng hak kasebat.

Saking dhasaring paring wangsulanipun Gusti Yesus punika, sumangga kita ngraos-raosaken bilih kita kedah nindakaken tanggel jawab kita tumrap punapa ingkang dados hakipun tiyang sanès. Amargi kita punika titah, Gusti Allah kagungan hak wonten ing gesang kita. Mekatena ugi kita kedah nindakaken bab-bab ingkang pantes wonten ing ngarsanipun Gusti, minangka titahipun Gusti.

Menawi kita minangka tiyang jaler mila ingkang gadhah hak nyuwun tanggel jawab kita inggih punika sémah ingkang wenang bab gesang kita minangka sisihanipun. Kita kedah nindakaken prakawis-prakawis ingkang kedahipun katindakaken déning tiyang jaler, jalaran punika hakipun sémah. Menawi jejer kita minangka anak mila tiyang sepuh gadhah hak magepokan gesangipun anak kasebat. Minangka anak kedah nindakaken prakawis-prakawis ingkang kedahipun katindakaken déning anak ingkang prayogi dhateng tiyang sepuhipun, jalaran punika wenangipun tiyang sepuh. Makaten ugi timbalan-timbalan sanès magepokan kaliyan adeg kita.

Ibu, Bapak lan para Sadhèrèk ingkang dipun tresnani déning Gusti Yésus Kristus, sumangga kita raos-raosaken tigang prakawis wigati tumraping gesang kita wekdal samangké: (1) Tetep nggadhahi daya kakiyatan kanggé ngrembakaken gesanging brayat kita, badhéa kados punapa kawontenanipun. Pitadosa bilih Gusti tansah makuwon ing madyaning gesang brayat kita. (2) Sumangga kita nilar prakawis-prakawis ingkang njalari kita ndadosaken prakawis kadonyan minangka

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

47

Page 19: 05. Khotbah Minggu 19 Oktober 2014

brahala tumrap gesang kita. (3) Sumangga kita nindakaken ingkang kedahipun kita tandukaken dhateng sesami ingkang gadhah hak magepokan adeg dhiri kita. Minangka gambaripun Allah sumangga kita nindakaken ingkang samesthinipun katindakaken déning kagunganipun Allah. Gusti mberkahi. Amin.

Cathethan :*) Cara gampil kanggé ngundhuh filem ingkang kaprayogèaken ing Khotbah Jangkep ing nginggil, inggih punika kanthi nambahi hurup ss ing alamat youtube. Contonipun: http://www.youtube.com/watch?v=pOMvQufXIU, tambah ss dados: http://www.ssyoutube.com/watch?v=pOMvQufXIU.

Covey, S (1997), The 7 Habits of Highly Effective People, Binarupa Aksara.

[SUN]kasan

Bausastra Jawi:- Rudatin: sedhih, susah- Cumadhang: sumadiya- Jugar: jugrug, ambrol- Prabéya: pajeg

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

48