smkissuda1ambarawa.sch.id. bhs jawa... · web viewbab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara...
TRANSCRIPT
MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA
KELAS XI (SEBELAS) SEMESTER GENAP KURIKULUM 2013
SMK ISLAM SUDIRMAN 1 AMBARAWA
TAHUN PELAJARAN 2018/2019
Materi Pokok : Tembang Macapat Gambuh
Pembelajaran ke : 1
A. Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar Indikator
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama
pupuh Gambuh.
3.1.1 Mengidentifikasi unsur pembangun teks
serat Wedhatama pupuh Gambuh.
3.1.2 Menganalisis relevansi nilai-nilai yang
terkandung dalam teks Serat Wedhatama
pupuh Gambuh dalam kehidupan sehari-
hari.
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama
pupuh Gambuh dan menulis serta
menyajikan syair Serat Wedhatama
pupuh Gambuh dengan bahasa
sendiri.
4.1.1 Memproduksi tembang Gambuh dengan
menggunakan bahasa sendiri.
4.1.2 Menyunting hasil karya tembang
Gambuh.
4.1.3 Menyajikan secara lisan tembang
Gambuh
B. Tujuan Pembelajaran
Dengan melalui pengalaman pembelajaran kegiatan praktik, penugasan, diskusi kelompok,
tanya jawab, peserta didik memiliki sikap religius, menunjukkan sikap disiplin dan kerja sama
dalam kegiatan diskusi kelompok, cermat dan tekun dalam kegiatan keterampilan serta jujur
dalam melaksanakan ulangan harian/ evaluasi, melalui tahapan :
1. Melalui diskusi kelompok peserta didik mengidentifikasi unsur pembangun teks Serat
Wedhatama pupuh Gambuh dengan bahasa yang santun dan penuh tanggung jawab.
2. Secara berkelompok peserta didik merelevansi nilai-nilai yang terkandung dalam isi teks serat
wedhatama pupuh Gambuh dengan penuh kerjasama.
3. Melalui diskusi kelompok peserta didik memproduksi tembang Gambuh dengan teliti.
4. Secara mandiri peserta didik menyunting hasil karya tembang Gambuh peserta didik lain
dengan jujur.
5. Secara mandiri peserta didik menyajikan tembang gambuh
1
C. MATERI AJAR
1. Pangertene tembang macapat Gambuh
Tembang macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat tembang alit.
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
1. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.
2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese
Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing
jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).
2. Pathokan Tembang Gambuh
GAMBUH
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
7 U
5
10 U
12 i
8 u
8 o
3. Watak tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab
asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
4. Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa
utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan
masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah
menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng
aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora
bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang
sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan
maneka warna.
2
5. Tuladha tembang Gambuh
3 5 5 5 5 3 56
sa- mêng- ko ing- sun tu- tur
6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
sêm- Bah ca- Tur su- pa- ya lu- mun- tur
3 2 6 12 2 2 2 2 3 1 6 1
dhi- Ngin ra- Ga cip- ta ji- wa ra- sa ka- ki
1 2 2 2 3 1 2 3
Ing ko- no la- mun kê- tê- mu
3 5 6 5 3 23 1 2
tan- Dha nu- gra- ha- ning Ma- non
6. Teknik penulisan tembang Gambuh
a. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang, saengga bisa mangerteni
wewatakane.
b. Temtokno tembang apa sing arep kogawe.
c. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
d. Gawea ukara-ukara (kalimat ) kang selaras karo paugerane tembang macapat.
e. Titinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kogawe mau kudu cocok karo
paugerane tembang sing kokgawe
3
LEMBAR KERJA SISWA (LKS)
Pada 1
Samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
Pada 2
Sembah raga puniku,
pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
1 Kados pundi paugeranipun tembang Gambuh ing inggil?
2 Kados pundi Pitutur luhur ingkang kandhut wonten tembang Gambuh ing inggil?
3 Kadamela cakepan/ syair tembang macapat Gambuh jumbuh kaliyan paugeran!
4 Sasampunipun ndamel tembang, banjur paringana pamanggih ngenani pitutur
luhur ingkang kandhut wonten tembang punika!
4
Materi Pokok : Crita Rakyat
Pembelajaran ke : 2
A. Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar No Indikator
3.1 Memahami isi teks crita rakyat 3.1.1
3.1.2
Siswa dapat menyebutkan isi
teks crita rakyat
Siswa dapat menyebutkan nilai –
nilai luhur crita rakyat
4.1 Menulis dan menyajikan sinopsis teks
crita rakyat
4.1.1
4.1.2
Siswa dapat membuat sinopsis
teks crita rakyat dengan
menggunakan ragam krama
Siswa dapat mencritakan kembali
isi crita rakyat kanthi lisan
menggunakan ragam krama
B. Tujuan Pembelajaran
KI 3 : Setelah mendiskusikan crita rakyat, siswa dapat :
a. Menyebutkan isi teks crita rakyat
b. Menyebutkan nilai – nilai luhur crita rakyat secara santun
KI 4 : Setelah mendiskusikan crita rakyat siswa dapat :
a. Membuat sinopsis teks crita rakyat dalam ragam krama
b. Mencritakan kembali isi crita rakyat dalam ragam krama
C. MATERI AJAR
Crita Rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan minangka asli kolektif
karo masyarakat.
1. Titikane crita rakyat kaya ing ngisor iki :
a. anonim
b. Kolektif
c. Dicritakake kanthi lesan
d. Sing nyritakake saka generasi ke generasi /turun temurun
2. Wujud crita rakyat
a. Mitos
b. Legenda
c. Dongeng
d. Babat
5
3. Unsur pambangun crita rakyat ana 2 yaiku
a. Unsur intrinsik
b. Unsur ekstrinsik
4. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun crita. Unsur kasebut
yaiku :
a. Tema
b. Alur
c. Paraga
d. Watak wantu
e. Setting
f. Amanat
g. Sudut pandang
5. Unsur ekstrinsik yaiku unsur saka njaba kang mangaribawani crita kadosta nilai moral, budaya lsp.
LEMBAR KERJA SISWA (LKS)
Ing piwulangan crita rakyat “Asal Usul jeneng Desa Serayu” siswa bakal mangerteni utawa
diukur apa wae unsur kang mbangun crita rakyat.
1. Wenehana tandha centang pratelan ngisor iki kalebu unsur pambangun crita sing endi !
No PratelanUnsur
Intrinsik
Unsur
EkstrinsikKeterangan
1. Nilai Moral
2. Tema
3. Amanat
4. Biografi
5. Nilai Budaya
6. Latar
7. Paraga
8. Alur
9. Nilai Agama
10. Nilai Sosial
11. Sudut Pandang
2. Apa tegese saka unsur pambangun ing ngisor iki!6
No Pratelan Teges
1. Nilai Moral
2. Nilai Sosial
3. Nilai Budaya
4. Tema
5. Amanat
6. Paraga
7. Setting
8. Alur
9. Sudut Pandang
ASAL USUL JENENG DESA SERAYU
Kang Toro – Sawijining dusun ing daerah ingkang tandus, wonten keluarga ingkang atas nami
Darmakusuma ingkang gadah garwa, Erawati. Gesangipun, Darmakusuma tentrem napa malih seniki
garwanipun saweg mbobot angeng Darmakusuma kuwatir mriksani garwanipun, “Napa ingkang
diraosaken garwaku?” ngendika Darmakusuma. “Menawi putranipun lair, nanging daerahipun tandus
susah madosi toya, kados pundi nasib putranipun kita?”. Ingkang penuh kasih sayang Darmakusuma
maringi pangerten dhumateng garwanipun lan ngibur Erawati, supados mboten usah kuwatir.
Darmakusuma kaliyan sedaya usahanipun madosi tuk. Teng pundi mawon sampun didatengi, dugi
Pring sedapur Sangkanayu lan daerah Talagening. Nanging tetep mboten wonten toya, ngantos dinten-
dinten. Dugi garwanipun lairan, tetep mboten angsal padahal toya ingkang wonten cukup kangge
masak lan nginum.
Darmakusuma putus asa ing penggalihipun ngendika, “Menawi usaha lan do’a ingkang khusuk
Gusti Allah pasti bakal ngabulna penyuwunanku. “Ingkang tengah keheningan, Darmakusuma bertapa
nyuwun pitulungan dhumateng Tuhan Ingkang Maha Kuasa, supados napa ingkang dipun suwun
dikabulna termasuk kebutuhan toya. Ijig-ijig dateng tiyang jaler ingkang ngaku naminipun Sabdaita.
Tiyang jaler punika maringi saran supados bayinipun diasta medal lan embing-embing ipun enggal
dipotong. Darmakusuma nglampahaken perintah kasebut. Sewekdal embing-embingipun dipotong,
ijig-ijig mekdal toya saking puser bayinipun, amargi kaget embing-embingipun dawah teng toya
punika.
Sesampunipun dipriksani, tuk punika wonten kalih. Ingkang setunggal saking kalih tuk punika
diparingi nami “Tuk Lanang”, amargi toyanipun deres lan setunggale malih diparingi nami “Tuk
Dandang ” amargi tuk punika kaya caruk. Embing-embingipun ingkang dawah lan terendam ing tuk
punika damel mambu amis/arus. Nanging toyanipun mboten mambu lan tetep jernih. Amargi wonten
mambu amis, daerah punika terkenal ingkang naminipun Dusun Arus. Darmakusuma ngrasa lega lan
terkabul usahanipun, kangge rasa matur nuwun, Mbah Sabdaita diparingi panggenan teng Ciputat.
Mbah Sabdaita ngrasa remen manggeni griya kasebut. Ditanemna kalih wit beringin ingkan tumbuh
subur, saengga panggenan punika terkenal ingkang sebutan “Waringin Jajar”.7
Toya saking Tuk Arus dados kalih lan diparingi nami kali Arus, dados dipun ginakaken aliran
kali diarahaken mangidul lan keleresan saking arah selatan wonten kali saking Campokoah. Amargi
kali punika nglewatii alas jati saengga disebut Pejaten. Usaha Darmakusuma mbangun dibantu Mbah
Sandaita kaliyan pelepah godong kelapa lemah punika di gali utawi disusuk. Ngantos dinten-dinten
pekerjaan punika dilampahaken. Ing pungkasane kali punika rampung lan diparingi nami “Susukan
Pejaten”. Mriksani pedamelanipun sampun rampung, Darmakusuma ngrasa remen lan bangga, kangge
rasa syukuripun diwontenaken selamatan. Diaturi rawuh petinggi saking Kabupaten Purbalingga,
Kanjeng Bupati Purbalingga. Ing sesambutanipun Kanjeng Bupati aturaken selamet dhumateng
penduduk utawi warga. “Sira rahayu ” ingkang gadah arti panjenengan selamet. Kata-kata punika
ditirukaken sedaya penduduk ingkang rawuh dados “Serayu utawi Sesaya”.
Sesanesipu ngaturi selamet, Bupati Purbalingga nyaranaken supados Susukan-Pejaten saged
miguna kangge penduduk bagian wetan, menawi penduduk bagian ler ngginakaken kali Arus.
Masyarakat nampi napa ingkang dados saran Bupati Purbalingga. Pepali utawi larangan sampun dados
ingkang sangat nglekat kangge masyarakat, Amargi dusun ingkang dereng gadah nami niki, diparingi
nami “Serayu Larangan “. Serayu saking sira rahayu ingkang gadah arti panjenengan selamet.
Larangan utawi pepali ngandung arti menawi panjenengan pengen selamet sesanesipun nglampahi
kebaikan kudu nebihi larangan. Nami dusun Serayu Larangan dicocoki masyarakat. Kemakmuran
dusun Serayu Larangan nyebabaken kecemburuan Sasrakusuma saking penduduk Gung-Ilang ing
dhusun Serang. Sasrakusuma usaha pengin ganggu lan musuhi. perkawis punika dadosaken perkawis
Sasrakusuma kaliyan Darmakusuma. Ing pungkasane wonten peperangan nanging dimenangna
Darmakusuma ingkang dibantu Mbah Sabdaita. Maksud Sasrakusuma kandas mboten dados terkabul.
Lan pungkasanipun Sasrakusuma nyerah. Kemakmuran dipunraosaken penduduk Serayu Larangan.
Penduduk tambah kathah. Perkawis punika dadosaken Darmakusuma pengin buka pemukiman enggal
ing bagean ngidul. Tugas punika diserahaken dhumateng Mbah Sabdaita.
Dibukane dusun anyar Mbah Sabdaita maringi nami “Serayu Karanganyar”. Dugi seda Mbah
Sabdaita tetep teng Serayu Karanganyar.
Materi Pokok : Iklan ( Pariwara )
Pembelajaran ke : 3
8
A. Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar No Indikator
3.3 Menelaah teks iklan
berbahasa Jawa
3.3.1
3.3.2
3.3.3
3.3.4
3.3.5
Membaca contoh teks dengaran iklan berbahasa Jawa
Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan
kaidah teks dengaran iklan berbahasa Jawa
Menanyakan struktur dan kaidah
Menganalisis pilihan kata
Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi
teks dengaran iklan berbahasa Jawa
Menemukan pokok-pokok yang terkandung didalam
teks dengaran iklan berbahasa Jawa
4.3 Menulis teks iklan
berbahasa Jawa
4.3.1
4.3.2
4.3.3
4.3.4
Membuat teks dengaran iklan berbahasa Jawa
Mendiskusikan struktur dan kaidah teks dengaran iklan
berbahasa Jawa
Mendiskusikan pilihan kata pada iklan berbahasa Jawa
Menanggapi isi teks dengaran iklan berbahasa Jawa
Menyajikan secara lisan atau tulisan teks dengaran
iklan berbahasa Jawa
B. Tujuan Pembelajaran
KI 3 : Setelah mendiskusikan teks dengaran iklan berbahasa Jawa, siswa dapat :
a. Membaca contoh teks dengaran iklan berbahasa Jawa
b. Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan kaidah teks dengaran iklan
berbahasa Jawa
c. Menanyakan struktur dan kaidah
d. Menganalisis pilihan kata
e. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks dengaran iklan berbahasa
Jawa
f. Menemukan pokok-pokok yang terkandung didalam teks dengaran iklan berbahasa
Jawa
KI 4 : Setelah mendiskusikan teks dengaran iklan berbahasa Jawa, siswa dapat :
a. Membuat teks dengaran iklan berbahasa Jawa
b. Mendiskusikan struktur dan kaidah teks dengaran iklan berbahasa Jawa
c. Mendiskusikan pilihan kata pada iklan berbahasa Jawa
d. Menanggapi isi teks dengaran iklan berbahasa Jawa
e. Menyajikan secara lisan atau tulisan teks dengaran iklan berbahasa Jawa
9
C. MATERI AJAR
1. Pangertene pariwara/iklan
Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening
prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan
umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem
gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Ancas pariwara yaiku :
a. Menehi ngerti masarakat
b. Ngajak masarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut
2. Perangan pariwara/iklan
Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :
a. Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)
b. Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)
c. Tulisan lan gambare narik kawigaten
3. Unsur-unsur pariwara/iklan
Unsure iklan ing antarane kayata :
a. Jeneng barang/jasa kang ditawakake
b. Alamat produsen
c. Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp.
LEMBAR KERJA SISWA (LKS)
I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
10
1. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani …
a. brosur d. iklan
b. majalah e. sayembara
c. lelayu
2. Wara-wara kang surasane andon kaprigelan (lomba/festival), diarani …
a. brosur d. iklan
b. majalah e. sayembara
c. lelayu
3. Rungokna pamaose wara-wara iki! Wara-wara iki klebu wara-wara kang awujud …
Wara-wara
SMANSA GLAGAH WANGI
Nganakake
Mengeti Ulang Taun Kamardikan RI kang kaping 68, tumrap kanca-kanca siswa SMA
Sa-Kabupaten GLAGAH WANGI
Kang kreatif lan inovatif ing babagan seni tradhisional
Ayo tuduhna kabisanmu ana ing ajang iki.
Pagelaran iki kanthi tema :
Pendhaftaran bisa langsung menyang panitya wiwit tgl 26 Juni 2013
Ing SMAN 1 GLAGAH WANGI
Jalan Erlangga No. 1
Utawa bisa langsung ngubungi :
Suryo (08179345454)
a. iklan d. kesehatan
b. lelayu e. pendidikan
c. sayembara
4. Wara-wara ing dhuwur iku surasane……
a. andon kaprigelan
b. nawake barang
11
c. bela sungkawa
d. iklan
e. pentas seni
5. Perangan iki ana ing sajroning panulise wara-wara, kajaba ……
a. titi mangsa d. purwaka basa
b. peprenahan e. satata basa
c. surasa basa
6. Wos surasane wara-wara iku kudu ana perangan kang diarani …..
a. saka sapa, kanggo sapa, alamat kang dituju d. kanggo sapa, saka sapa, urutane acara
b. kanggo sapa, apa surasane, tanggal layang e. saka sapa, urutane acara, alamat kang dituju
c. saka sapa, kanggo sapa, apa surasane
II. Tindakna dhawuh iki!
1. Setitekna wara-wara iki kang diwaosake dening bapak utawa ibu guru, sabanjure wangsulana
pitakone!
Wara-wara
Wara-wara katujokake marang putra siswa klas X, XI, lan XII SMA,SMK, lan MA ing
lingkungan Yayasan Pendidikan WONOARJO
Ujian semester ganjil taun iki bakal diadani
Akhir wulan Desember
Kanggo piwulang basa Jawa para siswa wajib maca buku ‘PRIGEL BASA JAWA’
Wulangan 1 tumeka 6
Penting!!!
a. Wara-wara kasebut katujokake marang sapa?
b. Jlentrehna wos surasane wara-wara iku!
c. Kapan kegiatan iku ditindakake?
d. Sapa kang mbyawarakake wara-wara iku?
Materi Pokok : Seni Pertunjukan Tradisional
Pembelajaran ke : 4
12
A. Kompetensi Dasar dan Indikator
No Kompetensi Dasar No Indikator
3. 3.1 Menelaah teks eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Jawa (Drama
Tradisional)
3.1.1
3.1.2
3.1.3
3.1.4
Membuat pertanyaan yang
berhubungan dengan Teks
eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Drama Tradisional
untuk memahami isi Teks
eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Drama Tradisional.
Mengidentifikasi nilai-nilai
simbolis yang terkandung dalam
Teks eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Drama Tradisional
lisan maupun tulisan.
Menganalisis penggunaan
kagunan basa dalam Teks
eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Drama Tradisional
lisan maupun tulisan.
Mengevaluasi relevansi nilai-nilai
simbolis Teks eksposisi tentang
Seni Pertunjukan Drama
Tradisional dengan kondisi
masyarakat masa kini lisan
maupun tulisan
4. 4.1 Menanggapi isi, menulis, dan
menyajikan teks eksposisi tentang
Seni Pertunjukan Drama
Tradisional
4.1.1
4.1.2
4.1.3
Menginterpretasi dengan memberi
tanggapan isi Teks eksposisi
tentang Seni Pertunjukan Drama
Tradisional dengan bahasa sendiri
lisan maupun tulisan.
Menulis kembali isi Teks eksposisi
tentang Seni Pertunjukan Drama
Tradisional lisan maupun tulisan.
Menyunting kesalahan penceritaan
kembali Teks eksposisi tentang
Seni Pertunjukan Drama
Tradisional karya teman.
Menyajikan Teks eksposisi
tentang Seni Pertunjukan Drama
13
Tradisional lisan maupun tulisan.
B. Tujuan Pembelajaran
KI 3: Setelah mendiskusikan seni pertunjukan Jawa siswa dapat :
1. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan
Drama Tradisional
2. Mengidentifikasi nilai-nilai simbolis yang terkandung dalam Teks eksposisi tentang Seni
Pertunjukan Drama Tradisional
3. Menganalisis penggunaan kagunan basa dalam Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan
Drama Tradisional
4. Mengevaluasi relevansi nilai-nilai simbolis Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama
Tradisional dengan kondisi masyarakat masa kini
KI 4 : Setelah mendiskusikan seni pertunjukan Jawa siswa dapat :
1. Memberi tanggapan isi Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional dengan
bahasa sendiri
2. Menulis kembali isi Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional
3. Menyunting kesalahan penceritaan kembali Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama
Tradisional karya teman.
4. Menyajikan Teks eksposisi tentang Seni Pertunjukan Drama Tradisional
C. Materi Ajar
A. Drama Tradisional
Tembung drama tradisional iku asale saka tembung drama lan tradisional. Tembung drama iku
minangka bedhahan (istilah) kanggo ngarani crita kang diwedhar kanthi lantaran omong-omongan
utawa pacelathon/crita ing drama bisa dinikmati kanthi cara maca naskah (teks) lan bisa uga digelar ing
panggung minangka totonan. Dene tembung tradisional iku tegese apa-apa kang asale saka run-
tumurun. Dadi yen kaya mengkono, sing diarani drama tradisional yaiku kagunan (kesenian) drama
kang diturunake dening para leluhur dhek jaman biyen marang para wong wong ing jaman saiki.
Tembung tradisional kang nempel ing drama mau uga nudhuhake anane sambung rapete karo wektu-
wektu sing wis kapungkur. Sawijining wektu kang wis mlumpat saka sak turunan (satu generasi), mula
saka iku kedadeyan lan lelakone manungsa kang dicritakake ing drama tradisional iku wis kedaden ing
atusan taun kapungkur. Mula saka iku sing dadi tuk utawa sumber cerita ing drama tradisional bisa
arupa crita babad jaman kerajaan, utawa crita-crita biyen kang minangka hasil kasusastran jaman
biyen. Dene tontonan kang kalebu golongane drama tradisional yaiku kethoprak, wayang wong lan
ludruk.
14
Adhedasar andharan-andharan mau mula banjur kena dijupuk dudutan (kesimpulan) ngenani tontonan
tradisional, yaiku :
1) Tontonan tradisional iku asli kagunan (seni) kang diwarisake run-temurun saka para leluhur
marang wong-wong ing jaman saiki.
2) Sumber utawa tuke crita iku asale saka crita babad, crita kerajaan, utawa crita-crita saka asil
kasusastran dhek jaman kerajaan, umpamane serat Panji, serat Menak lan liya - liyane. Dene
yen wayang wong babon critane bisa saka Serat Ramayana lan Serat Bharatayuda.
3) Sandhang penganggone para paraga tontonan drama tradisional uga ngemba (niru) sandhang
pangangone wong-wong jawa dhek jaman biyen, cundhuk karo lelakon kang digelar.
4) Tontonan drama tradisional nggunakake gamelan Jawa kanggo ngrenggani pagelarane.
Coba rungokna drama tradisional kanthi lelakon “Brandhal Lokajaya” iki!
Brandhal Lokajaya
Jejer 1
Diwiwiti ana ing jero omah. Pak Karto lungguhan ing kursi. Ing sangarepe ana meja lan ana damar
ublik. Ing damar ublik iku Pak Karto nylomot rokok. Nuli Nyi Karto mlebu ngomah karo nggawa
wedang ing cangkir. Dhipan lan bantal wis ditata apik ing kursi.
Nyi Karto : Tak sawang-sawang panjenengan niku kok legok-legok niku wonten napa ta
15
pakne?
Ki Karto watuk-watuk banjur sumaur
Ki Karto : Bune-bune. Jan jane anggonku legok-legok iki rak mikirne bocah-bocah
sing nyambutgawe ngeculne dhuwit. Sing tak sumelangake kuwi, aja-aja
wong sing diutangi dhuwit kuwi, wong sing kontrak, dudu penduduk tetep
ngono lo bune. Njur wong sing kontrak mau lunga. Yen ngono kuwi sing
rugi sapa? Rak ya awake dhewe ta bune.
Nyi Karto : Panjenengan pun was sumelang. Bocah-bocah niku anggone nyambut damel
sae kok pakne.
Ki Karto : Tenan pa piye?
Nyi Karto : Estu menika
Ki Karto : Buktine apa?
Nyi Karto : Wonten!!!
Nyi Karto banjur mlebu senthong
Ki Karto : Pengin ngerti aku. Yen ana untunge kuwi aku melu seneng.
Nyi Karto : Hla meniko njenengan persani rumiyin.
Pak Karto dilungi kotak isi mas rajabrana
Ki Karto : Iki sing tahun iki?
Nyi Karto : Inggih, taun kepengker sampun kula caosne panjenengan.
Ki Karto : Iki berleyane iki. Iki emas lempengan. Bukune-bukune, iki wis kok cathet
neng buku!
Nyi Karto : Sampun-sampun! Sedaya sampun.
Ki Karto : Iki jambrut, jambrut Kolombia?
Nyi Karto : Menawi kula mboten titen.
Ki Karto : Sapi-sapi, iki sapi Bangkok iki.
Nyi Karto : Ngremenaken ta?
Ki Karto : Ya...ya... Kaya ngene iki rak nyenengake. Tegese olehe nyambut gawe iki
ana asile.
Ujuk-ujuk ana wong dhodhok-dhodhok banter. Ki Karto lan Nyi Karto keweden. Raja branane
banjur didelikake neng ngisor (klasa) ing dipan kono. Wong sakloron katon keweden. Jebul kang
dhodok-dhodok karo bengak-bengok mau sawijine perampok kanthi sikep gegamane landhep.
Glati lan pedang. Nyi Karto dibanda dening perampok.
Perampok : Mas-masanmu endi ?!
Ki Karto : Kula boten gadhah napa- napa den.
Ki Karto didugang nganti tiba.
Perampok : Kok wehne apa ora? Tega karo bojomu? Yen ra kokwehne tak pateni
kowe...!!
Ki Karto : Estu, kula boten gadah napa-napa dipateni dipejahi kula nggih purun.
Ki Karto terus dipulasara, saperangan perampok nggledhah omah.
Perampok : Mas-masan neng ngendi ?!16
Salah siji perampok ngunus gaman arep dibacokne ing Ki Karto. Ki Karto keweden.
Perampok : Kowe omong apa? Kowe ora nduwe mas-masan. Apa kowe pengin tak
pateni.
Ki Karto : Kula nyuwun gesang.
Perampok : Kowe njaluk urip ?
Ki Karto : Nggih? Niku bojo kula pun dinapak-napakne niku!
Perampok : Kowe tak uripi, nanging kowe tak elekne. Kowe aja lapur neng Tuban!
Upama kowe lapur tanpa guna. Merga ngertenana, aku Raden Said putra raja
Tuban. Ha...ha...Wis cah ayo metu!!!
Ki/Nyi Karto : Tulung – tulung! Bandhaku entek. Tulung!!!!!
Jejer 2
Kedadeane ing tengah dalan, ana salah sawijineng wong desa Brondong kepethuk rombongan
punggawa praja.
Wong Brondong : Tulung – tulung!!!!!
Punggawa praja : Sapa kowe tatu arang kranjang?
Wong Brondong : Kula menika tiyang Brondong. Nyuwun sewu sinuwun, papan kula
menika desa Brondong. Papan kula menika ketaman kraman, ngantos
banda donya kula menika dipun rampok. Tiyang jaler sami dipun pejahi,
dene para wanita menika dipun noda paripaksa. Adhuh sinuwun kula
nyuwun pangayoman.
Punggawa praja : Aku nayaka praja ing Tuban, wajib ngayomi marang kowe, kamangka
Brondong wilayah Tuban. Banjur sapa sing milara kowe lan abdi-abdimu
kabeh.
Wong Brondong : Nun inggih, ingkang milara kula sakaluarga ing Brondong......
Punggawa praja : Sing ngrampok , mbegal, kacu sapa ?
Wong Brondong : Inggih menika, andhahanipun Raden Said.
Punggawa praja : Raden Said? Ora ngira yen Raden Panji, putra dalem tumindak murang
tata kaya mengkono iki trus piye.
Prajurit : Prayogine tiyang menika dipun beta dhateng panti usada, supados
tatunipun punika enggal saras.
Punggawa praja : Prajurit, yen ngono iki gawanen ing panti usada!!
Ora dinyana-nyana rombongan rampok kepethuk gapruk karo rombongan nayaka praja saka
Tuban. Para perampok katon murang tata/gumuyu jegagakkan ora karu-karuan.
Perampok : Sajake awake dhewe ketemu karo nayaka praja. Ayo deloken sandhang
pengagone sarwa emas. Yen awake dhewe isa mbegal nayaka praja iki,
mbok menawa anake dhewe pitung turunan wis kecukupan ha haha....
Punggawa praja : Cukup! aja kok bacutne anggonmu sesongahan. Aku ngerti, kowe ngguyu
17
cekak-cekak iki mesti kowe begal. Seneng mbegal duweke liyan.
Perampok : Iya-iya.
Punggawa praja : Ya kowe kuwi sing tak goleki arep tak rangket. Tak gawa menyang
Tuban, tak lebokne pakunjaran.
Perampok : Kowe durung ngerti sapa brandale Lokajaya he... Yen kowe bisa
ngrangket aku, ayo jajalen. Cah ayo dikroyok!!!
Wusana perampok lan nayaka praja saka Tuban padha pasulayan kaya dene peperangan.
Jejer 3
Bupati Tuban ngenekake pasewakan ngrembug Brandal Lokajaya. Ya ngrembuk Raden Said, ing
pasewakan iki garwa prameswari, putri-putri, patih, senopati lan prajurit padha ngumpul.
Prameswari : Menawi njenengan dalem duka perkawis ingkang putra. Putra njenengan
punika namung kalih .ingkang mbajeng Raden Said ingkang ragil putra
njenengan Rasawulan. Coba ta sang adipati, njenengan sampun kesesa dhahar
aturipun para kawula, ing mangkenipun badhe mecahaken kaluwarga adipati
ing Tuban Njeng Adipati...
Patih : Mekaten. Miturut pelaporanipun para telik sandi lan para kawula ing
kabupaten Tuban. Raden Said punika malah sampun nglumpati lima ingkang
dados larangane negri.
Bupati Tuban : Said kuwi???
Patih : Malah nembe-nembe punika, Panjenengan nali pirsa, dening Merok Arok,
Merok Arok punika rak gadhah damel mantu ngrabekaken anakipun.
Dumadak sakbibaripun subuh, sak bibaripun rame-rame, ing wanci subuh
menika wonten putri ical. Lajeng para warga ngoyak maling, sapa sing wani
maling temanten putri menika, ingkang maling temanten putri menika
kecepeng, nanging sedaya ingkang ngoyak maling punika boten wantun
menapa-menapa!
Bupati Tuban : Sebab apa?
Patih : Inggih menika, andhahanipun Raden Said.
Bupati Tuban : Raden Said? Ora ngira yen Raden Panji, putra dalem tumindak murang tata
kaya mengkono iki trus piye.
Patih : Sebabipun ingkang wani nyolong temanten putri menika ingkang putra
piyambak Raden Mas Said. Pramila lajeng bab menika kula pasrahne
panjenengan Kanjeng Bupati ing Tuban.
Senopati manembah banjur matur
Senopati : Kejawi punika kanjeng, keparenga ingkang abdi manyuk nyuwun sih
pangapunten, sesambatan kaliyan atinipun ndara patih dhumateng
panjenengan. Katemben punika kula ndenangi piyambak, tiyang Brondong
ingkang rojah-rajeh, dipilara ing durjana juti. Tiyang-tiyang Brondong sami
ajrih mboten wani dhateng putra dalem mas Said. Sebab sedaya kalawan 18
pratelanipun judi menapa kemawon, menika saking putra panjenengan
piyambak, pun Mas Said.
Tumenggung : Malah ing kalenggahan punika sampun dugi Ngerek. Ing kademangan Ngerek
nembe dipun gegeraken maling, kentong titir wonten wetan, wonten kilen
maling. Sedaya bebaon kademangan Ngerek sami matur, menawi
pandheganipun sedaya maling punika mboten sanes nggih Raden Said, putra
panjenengan dalem kanjeng adipati.
Rasawulan : Nanging nyuwun sewu kanjeng Rama. Sampun ndhahar kanthi wantah
aturipun sedaya nayaka. Dipun talisih langkung rumiyin, mbok menawi
paman patih saha paman tumenggung nika rumaos serik sanget dhateng kang
mas Said, Rama.
Bupati Tuban : Menenga ya nak!!
Rasawulan : Nanging Rama...
Bupati Tuban : Wis-wis !
Ngomong karo prameswari
Bupati Tuban : Kowe krungu dhewe, ora mung siji loro sing matur ing ngarsaku. Aku iki
adipati mandhegani kabeh kawula ing Tuban padha manut. Anakmu Said kok
mrojol solahe guru kuwi piye??? ta bu...???
Prameswari : Kanjeng Adipati, ingkang kula suwun sageda sareh lan sabar penggalihe
panjenengan. Jalaran panjenengan kagungn putra Said, Said punika sampun
ngancik dewasa menawi ta panjenengan duka kaki ingkang putra, mangga
dipun timbali ingkang putra.
Bupati Tuban : Ah... Kowe kuwi ngono. Saben saben aku ndukani Said kowe mbela.
Prajurit!!
Prajurit : Inggih.
Bupati Tuban : Said timbalana !
Prajurit : Sendika dhawuh.
Ora suwe Said marak sowan ing Ramane kanthi sembah sungkem
Bupati Tuban : Kowe wis nggadhang? Lagi ngapa kowe?
Said : Netepi kewajiban gladhen, olah guna raga para magang enggal. Sageda
magang enggal menika saged ndherek mbebethengi katentremanipun
kadipaten Tuban Rama....
Bupati Tuban : Gladhen, apa kowe ngluyur??
Ngadek saka palenggahan nyedheki Said
Bupati Tuban : Said kowe aja mbodho wong tuwa ya kaki..... Sawangen bapak iki umure wus
anguk-anguk kubure. Upama srengenge ngono adoh saka pletheke. Chedak
karo surute. Mbesuk sing tak gala-gala dadi Adipati Tuban ora liya kejaba
kowe! Nanging Said, tumindakmu aleman, nglengserake asmane Adipati ing
Tuban, kowe wani nglakoni 5 lima. Coba, neng Merak Urak kowe
ngglandhang temanten, neng Ngerek mandhegani para maling, kowe neng 19
kademangan Brondong mandhegani wong judi, iya!!!
Prameswari : Sareh-sareh njeng dipati
Said : Nyuwun sewu. Sampun kesesa paring duka, kanjeng Rama ndakwa kula
ingkang mekaten, awit saking aturipun sinten?!
Bupati Tuban : Kowe aja takon sapa sing wadul Said! Rama iki midhangatake para sandi sing
wis gumathok. Said anaku ngger. Bocah bagus. Yen kowe ora tumindak
sokur, nanging yen kowe tumindak lerenana ya ngger, mesakna Rama.
Krungu Said....!!!
Said : Rama kula mboten ngrumaosi tumindak ingkang mekaten.
Bupati Tuban : Said? Kowe isik selak??? Pira kawula sing jerit-jerit merga polahmu sing ora
pener, nek kowe ra ngakoni tumindakmu Said. Kelangan anak siji aku ora
getun.
Bupati Tuban ngunus pusaka arep ditamakne ing Said. Prameswari lan Rasawulan bebarengan
njerit nggondheli sang adipati, sakala pada tangisan Raden Said mlayu saka pasewakan
Prameswari : Rama? Kenging punapa badhe mejahi ingkang putra?
Bupati Tuban : Isin aku
Prameswari : Menawa katemahan pejah Said estu panjenengan sinten ingkang kecalan!!!
Kula, kula ingkang kecalan kanjeng!!!!
Bupati Tuban : Anu kakang patih, pancene keladuk sapa ngerti Said iku bisa nglereni
tumindake. Nanging saka korban sing wis tumpuk-matumpuk, atiku dadi
cupet. Aku iki pangayoman, yen kabeh para kawula manut dhawuhku kok
anakku dhewe tumindak ngono???
Patih : Inggih-inggih njeng adipati.
Kula mboten maido dhateng sempaling penggalih panjenengan lan dukane
penggalih panjenengan. Nanging kula aturi enget, punika putra panjenengan,
calon bupati, salengser panjenengan. Putra panjenengan ingkang gedhe
pangestuti. Mas Said punika ingkang gedhe anglenggahi dhampar kencana,
ing kadipaten Tuban punika, kanjeng adipati.
Bupati Tuban : Kakang patih iya mengkana kakang tumenggung, mula golekana separan
lakune si Said, pipilen supaya gelem kondur ing kadipaten Tuban.
Tumenggung : Nun inggih njeng adipati.
Bupati Tuban : Wis aja nangis ngono lo bune.
Jejer 4
Sunan Bonang lagi tindakan ing satengahe marga, diendheg tindake dening Raden Said, nedya
dibegal.
Raden Said : Yen kowe ngeman nyawamu tinggalen tekenmu sing lapis emas iku!
Sunan Bonang mungkur banjur mlaku ngedohi Said
Raden Said : He kowe nyepelekke marang aku. Yen teken iki ora kok lungne aku, tak
20
tugel gulumu.
Sunan Bonang : Kowe mbutuhke teken iki ?
Raden Said : Aku butuh teken iki mergo ana emase.
Sunan Bonang : Emase mung sethithik ora ana regane, yen kowe pengin luwih akeh kae
sawangen!
Sunan Bonang nudingi woh aren.
Raden Said : Oh...emas
Said arep menek wit aren, sedya njupuk emas.
Raden Said : Mandheg, kowe adol sulap, kae dudu mas. Kowe aja mbarang sulap neng
ngarepe brandal Lokajaya.
Sunan Bonang : O......Lokajaya iku kowe ta?
Raden Said : He eh.
Sunan Bonang : Lokajaya kowe kena kandha mengkono nanging kuwi jeneng kowe
nyimpen diri pribadi, Said !!
Sunan Bonang nggetak.
Raden Said : Aja mandheng aku kowe!!! mripatmu mblerengi aku, aja kok pandheng
aku sulap, sapa kowe, dene kowe ngerti marang aku.
Sunan Bonang : Aku Mahdum Ibrahim, para santri – santriku ngarani aku Sunan Bonang.
Raden Said : O.......Kanjeng Sunan Bonang
Said sungkem ana pepadane.
Sunan Bonang : Yen kowe mbutuhake teken, nya gawanen !
Raden Said : Mboten.
Sunan Bonang : Apa meneh Said, ora papa yen iki kok butuhke.
Raden Said : Mboten. Nyuwun gunge pangaksami.
Sunan Bonang : Genea kok tumungkul marang aku ?
Raden Said : Karana panjenengan salah satunggale waliyyullah ing tanah Jawi. Dosa
menapa ingkang kula sandhang, Kanjeng Sunan samenika sanes emas
ingkang kula betahaken nanging kula pengin uwal saking sedaya
lelampahan menika Kanjeng Sunan, kula sampun mboten kiyat. Kula
tumindak mekaten jalaran kepeksa ing kahanan. Kula mbrandhal, main,
ngacu, lan sapiturute. Krana kula boten saged, lan boten kiyat nyawang
kahanan Tuban, ingkang mboten adil, kathah para panggawa, kathah para
nayaka ingkang boten jujur. Kula tumindak ngaten menika kangge
mitulungi dhateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken. Kula maling kula
ngrampok, kula nyolong gadhahane liyan saperlu kangge mitulungi
dhateng kawula ingkang kasisahanlan ingkang kasiksa.
Sunan Bonang : Said, sakabehe tumindakmu kuwi satemene kowe kuwi manungsa nanging
ora diuwongake dening wong kiwa tengenmu. Mula banjur kowe
tumindak kejem wengis jalaran kowe manungsa sing ora diuwongke mau.
21
Sawise kowe ketemu klawan aku, taktuding mau apa? Kae wit aren kang
uwoh kolang-kaling. Wis sak mesthine kowe kudu leren kudu eling,
jumbuh karo wit aren kang uwoh kolang kaling. lerenana pakertimu kang
kebak kadurhakan.
Raden Said : Napa saged ?
Sunan Bonang : Elinga marang kautaman. Jalaran yen pakertimu sing kaya mengkene iki
mbok terus terusne, banget gawe rugine diri pribadhimu dhewe. Said
kowe ngerti?? tenane kowe kuwi dudu turunane wong mikat manuk
ngundhuh kroto, nanging kusuma rembesing madu upama kowe tak bukak
lelakon kang sak tenane ngenani magepokan karo uripmu kepriye? apa
kowe bisa nerima?
Raden Said : Dangu anggen kula nganti–anti kapingin mangertos, sinten sejatosipun
kula menika lan kenging punapa kula menika tansah nggadhahi raos
mboten sekeca. Dhateng swasana-swasana ingkang mboten adil ing
Tuban, pramila Kanjeng Sunan, menawi ta panjenengan kersa mbukak
sinten sejatosipun kula, kula remen sanget lan gunging panuwun ingkang
kula aturaken.
Sunan Bonang : Said, yen mengko wis kelakon tak bukak sejarah uripmu aja rumangsa
nduwe gedhe atimu, nanging syukura marang Gusti kang maha kuasa.
Adipati Wilwatikta lan Dewi Candrawati ing Tuban iku mung nggedhekne
kowe. Wiwit parang jabang bayi kowe diupakara digedhekake lan
dipinterake, mula kowe wajib mbales budi kabecikan marang adipati ing
Tuban Wilwalitikta. Ning saktenane kowe kuwi isih trah luhur ngersa
dalem ingkang sinuwun Prabu Brawijaya iku tenane sudarmamu salut.
Raden Said : Nun inggih.
Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi hal wit aren
lan woh kolang kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe bakal
anggayuh kahanane kolang kaling. Tumindake kaya ngono kuwi kowe
bakal bisa nglereni pakartimu jalaran dak deleng saka sinaring lan
cahyaning sariramu, kowe patut dadi sunabi makna sing tegese wohing
pambudi kabeh mau bakal dadi sawiji marang kowe minangka dadi wali
pinutup Said.
Raden Said : Kanjeng Sunan punapa menika mboten kalangkung awrat. Menapa saged
krana kula sampun asring tumindak awon. Tangan kula sampun makaping
kaping milara tiyang, mejahi tiyang wisuh getih manungsa. Mbok menawi
mboten wonten dalem malik kanggenipun saking martobat.
Sunan Bonang : Rungokna ya! Wong sing kasebut kopi kae ngenteni cawange pamartobat.
Dheweke isih menang manggon ana ing suwarga mbesuk ing alam
pangrantunan. Dosamu pindhane abang kaya glugu, bisa putih memplak
22
kaya salju yen ngerteni lawange pamartobat. Mula tobata mumpung kowe
durung kebacut, banget rekasa dosamu yen kebacut bacut tumindak kaya
ngono Said.
Raden Said : Inggih. Menawi ta tasih saged dipun bilasi tumindak kula ingkang lepat,
wiwit samenika ugi kula pasrah jiwa raga. Kados pundi sagedipun kula
nebusi dosa-dosa ingkang sampun kula tindakaken.
Sunan Bonang : Sranane kowe kudu mbangun miturut kang dadi dhawuhku.
Raden Said : Inggih.
Sunan Bonang : Kae ana pinggir kali, mertapaa lan semedia ana kana papan dunung sing
cedhak nggonmu semedi bakal tak encepi teken iki. Aja jugar yen dudu
aku sing njugarake.
Raden Said : Menawi ngaten ngestokaken dhawuh pangandika panjenengan, kaparenga
kula nindakaken wajib.
Sunan Bonang : Gawanen iki ! Sing ngati ati. Muga muga Said kasembadan apa kang dadi
sedyamu. Kowe bisa ngilangake coba ing atimu!
Sauntara iku Rasawulan teka. Rasawulan nggoleki kakangmase yaiku Raden Mas Said.
B. Nemokake Isi utawa Makna “tersurat”saka Drama
Sawijining drama digelar dadi sawenehe tontonan iku mesthi ana tujuwan (motivasi). Lumrahe
tujuan yaiku aweh kaca benggala, kaca pangilon, marang wong kang mersani amrih bisa oleh
pengalaman kang becik kanggo sangu urip ing bebrayan. Maknane, isine utawa piwulang luhur kang
kinandhut ing tontonan drama mau kudu digoleki saka kedadeyan-kedadeyan lan saka kang dirembug
dening paragane. Kang kaya mangkene iki diarani nggoleki makna sing katon (tersurat).
Tuladhane :
Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi kae wit
aren lan woh kolang-kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe
bakal nggayuh kahanane kolang-kaling tumindakmu kaya ngono kuwi
kowe bakal bisa nglereni pakartimu.
Saka tuladha cuplikan wawan pangandikan Sunan Bonang lan Raden Said mau ditemokake piwulang
luhur, yaiku :
1. Kita kabeh manungsa iki kudu bisa nglereni tumindak ala.
2. Gelem nglereni tumindak ala iku tegese bisa eling marang bebener atawa tumindak kang apik.
3. Eling lan gelem nglereni tumindak ala iku luwih aji ketimbang oleh emas picis raja brana.
C. Nggoleki Piwulangan Luhur kang Sinamur (tersirat) ing Sajroning Drama
Nggoleki piwulangan luhur kang sinamur ing sajroning drama iku diwiwiti kanthi ngoleki sarta
nemokake apa kang ana ing sajroning drama (konteks) saha nggandhengake karo kang ana sajabane
naskah/teks drama (diluar konteks). Mula saka iku nggoleki piwulang luhur kang sinawur (tersirat) iku
23
mbutuhake tajeme ati/lantipe ati jalaran piwulung luhur mau ora disebutake kanthi trawaca (jelas) ing
naskah drama.
Tuladhane :
Sunan Bonang : Nah saka kuwi, jumbuh kowe ketemu klawan aku dak wenehi kae wit
aren lan woh kolang-kaling kang dadi mas picis raja brana. Nganti kowe
bakal nggayuh kahanane kolang-kaling tumindakmu kaya ngono kuwi
kowe bakal bisa nglereni pakartimu.
Saka cuplikan mau piwulang kang sinamur (tersirat), yaiku:
1) Jane sadar (insaf), bisa nglereni tumindak ala iku butuh bantuane wong liya kang arupa pitutur
utawa nasihat.
2) Ora ana telate wong kang kepengin mertobat.
3) Wong ala durung mesti yen ala seteruse, isih ana wektu kanggo ndandani urip yen gelem tobat.
D. Sambung Rapete Isi/maknane Drama Brandhal Lokajaya Karo Bebrayan Jaman Saiki
Lelakone manungsa wiwit jaman biyen nganti jaman saiki iku prasasat mung mubeng/munyer
kaya dene cakra panggilingan (kaya dene roda kang mlaku). Mula kang dumadi ing jaman biyen, bisa
uga dumadi ing jaman saiki. Kang mangkene iku njalari apa kang ana lelakon crita ing drama ya banjur
cocog (relevan) karo kahanan jaman saiki.
Tuladha ing drama :
Raden Said : …………”Kula tumindak mekaten jalaran kapeksa ing kahanan. Kula
brandhal, ngecu lan sapiturute, krana kula mboten saged lan mboten kiyat
nyawang kahanan Tuban ingkang mboten adil. Kathah para Punggawa,
kathah para nayaka ingkang mboten jujur”.
Cuplikan ature Raden Said marang Sunan Bonang iku ana sambung rapete (relevan) karo kahanan ing
jaman saiki ing wektu iki, ing Indonesia uga isih akeh pejabat sing korupsi, akeh wong sing kelah
(nuntut) keadilan, nanging keadilan isih angel digayuh.
Lembar Kerja Siswa (LKS)
Indikator Pencapaian
Kompetensi
Teknik
Penilaian
Bentuk
PenilaianInstrumen
Memahami seni
pertunjukkan Jawa / drama
tradisional.
Tes lisan/
tertulis
Uraian Apa kang diarani drama tradisional
iku?
Mengidentifikasi
penggunaan kagunan basa
dalam seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
Tes lisan/
tertulis
Uraian Sebutna kang kalebu seni
pertunjukan tradisional!
24
Menganalisis nilai-nilai
simbolis yang terkandung
dalam seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
Tes lisan/
tertulis
Uraian Pitutur luhur apa kang bisa
kotemokake ing wacana eksposisi
drama tradisional.
kang kowaca?
Mengevaluasi relevansi
dengan masa kini nilai-
nilai simbolis yang
terkandung dalam seni
pertunjukkan Jawa / drama
tradisional.
Tes lisan/
tulis
Uraian
Pitutur luhur kang kotemokake ing
wacana eksposisi seni
pertunjukkan Jawa / drama
tradisional.
kang kowaca apa isih jumbuh yen
dicakake/ diterapake ing jaman
saiki?
Menginterpretasi nilai-nilai
simbolis yang terkandung
dalam seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
.
Tes lisan/
tertulis
Uraian Golekana piwulang kang sinamur
(tersirat) saka wacana eksposisi
seni pertunjukkan Jawa / drama
tradisional kang kowaca?
Memroduksi penceritaan
kembali seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
lisan maupun tulisan.
Tes lisan/
tertulis
Uraian Critakkna kanthi ringkes
rerangkening drama tradisional
migunakake basa Jawa kang trep!
Menyunting penceritaan
kembali seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
karya teman.
Tes
tertulis
Uraian Golekana sambung rapete
(relevansi) isine drama tradisional
karo jaman saiki.
Menyajikan penceritaan
kembali seni pertunjukkan
Jawa / drama tradisional.
lisan maupun tulisan.
Tes
praktik
Demonstrasi/
penampilan
Wacanen crita kang kogawe
babagan drama tradisional.
ing ngarepe kelompokmu utawa
ngarep kelas!
======
25