cerpen basa jawa (tuladha cerpen basa jawa)

7
Nama : Annisa Wulandari Nomor : 06 Kelas : X-2 Witing Tresna Jalaran Usil Bale Desa wus kebak pawongan . Kabeh pada kepengin nonton wayang . Dhalange Tarso Wiratmaja saka Karangpandan . Wayangan iki dianakake dening kepala desa enggal, Pak Darno Pawito . Sabubare dibiwaraake kepala desa anyar,panjenengane langsung nggelar wayangan ing bale desa . Penonton ing kene rata-rata kader lan para pendhukunge . Menawa aku iki nonton amarga diajak bapakku kang dadi kader ing dhusunku . Swasanane saya wengi saya tambah rame .Ananging ,saya adhem ,grimis rintik-rintik nelesi lemah . Amarga tambah deres ,wong- wong kang nonton wayang ing pelataran ,padha gembruduk menyang jero bale desa . Aku kedhesek-dhesek . Blessssssssssssss, sawijining wong ngutahake Big Cola biru ing klambi putihku . Amung among bisa sabar . Jeblug ………,aku ketubruk wong . Wektu tibakno wonge isih ana ing mburiku . Gek raine ra nduwe dosa blas . Malah isih midak sikilku sisan . Wonge ora nyadar menawa ana wong kang ngadek ing sangarepe . “Heh ,neg mlaku ki ngengeti dalan !. Ora gur sakpenake dhewe .” “Yo jelas sakpenake dhewe,neg ra penak yo rasah mlaku wae nooo…”

Upload: annisa-wulandari

Post on 05-Dec-2014

730 views

Category:

Education


3 download

DESCRIPTION

menika tuladha cerkak (cerpen) basa jawa ingkang kula damel piyambak. mangga panjenengan sedaya maos ceritanipun kula. nyuwun pangapunten menawi basa ingkang kula ginaaken menika basa ngoko amargi ceritanipun ngenani katresnan tiyang enem (remaja).

TRANSCRIPT

Page 1: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

Nama : Annisa Wulandari

Nomor : 06

Kelas : X-2

Witing Tresna Jalaran Usil

Bale Desa wus kebak pawongan . Kabeh pada kepengin nonton wayang . Dhalange Tarso Wiratmaja saka Karangpandan . Wayangan iki dianakake dening kepala desa enggal, Pak Darno Pawito . Sabubare dibiwaraake kepala desa anyar,panjenengane langsung nggelar wayangan ing bale desa . Penonton ing kene rata-rata kader lan para pendhukunge . Menawa aku iki nonton amarga diajak bapakku kang dadi kader ing dhusunku .

Swasanane saya wengi saya tambah rame .Ananging ,saya adhem ,grimis rintik-rintik nelesi lemah . Amarga tambah deres ,wong-wong kang nonton wayang ing pelataran ,padha gembruduk menyang jero bale desa .

Aku kedhesek-dhesek . Blessssssssssssss, sawijining wong ngutahake Big Cola biru ing klambi putihku . Amung among bisa sabar . Jeblug ………,aku ketubruk wong . Wektu tibakno wonge isih ana ing mburiku . Gek raine ra nduwe dosa blas . Malah isih midak sikilku sisan . Wonge ora nyadar menawa ana wong kang ngadek ing sangarepe .

“Heh ,neg mlaku ki ngengeti dalan !. Ora gur sakpenake dhewe .”

“Yo jelas sakpenake dhewe,neg ra penak yo rasah mlaku wae nooo…”

Aku wis getem-getem

“Kowe ki ,ora nduwe sopan santun blas gaweyanmu iki yo,,,,, wus ngutahi klambi ,ngidak sikil ,gek ra ngrasa blas!”

“Yo wis to ,opo kowe ndadak dakpeme ning ngomahku ben garing . Latarku amba .” Saurane ora nglegani babar blas . Bacut dakpidak sikile .

Page 2: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

“Adhuuuuuuuuuuhhhhh !.” Bocah iku kelaran , wong –wong sakiwa tengenku padha ngengeti polahku lan bocah iku . Aku ora mikirake . Aku bacut nesu ,trima mulih , ora sido nonton wayang .

* * *

Sanggar anggonku latian lumayan adoh saka ngomah . Kira-kira 5 km . Menawa ngepit motor 15 menit tekan . Sanggar iku jumeneng “Among Rasa” kang didegake kurang luwih 2 tahun kepungkur . Awit didegake ,aku wus gabung ing kono ,aku dhewe diajak Guru Karawitanku dhek SMP kon melu kegiyatan sanggar iku . Sadurunge aku wus kelebu anggota karawitan “Kinanthi Laras” ,tim karawitan SMP 1 Matesih . Ing sanggar aku dipasrahi posisi bendahara sanggar . Ananging , aku uga kerep dadi coordinator acara sanggar . Aku nyekel perangkat demung 1 kang kalebu balungan . Balungan iku saka piranti demung ,saron barung ,saron penerus ,lan slenthem . Seperangkat iki nduweni peran penting banget sajroning mainke gendhing .

Kelompok karawitan sanggarku kerep melu lomba kang ana ing Karanganyar ,uga wilayah karesidenan Surakarta ,ing kalodhangan iki,kelompok “Among Rasa” arep melu lomba ing tingkat Karesidenan Surakarta .

Ing dalan lehku ngepit yo mung alon-alon . Amarga dudu acara kang mendesak banget .

Nggggrennngggggggg nggreeeennngggggggg

Ana pawongan cacah 6 padha ora nggenah,nggleyeri aku . Banjur wong kuwi ngguya – ngguyu . Sing nganggo kaos ireng iku ,aku kaya tau weruh . Nanging sapa ya ??

“ wealah dalah ,iku bocah ing bale desa “. Batinku

Ing ngarep ana protelon sing lurus , dalan menyang sanggar ,mentok kali ,sing nengen menyang dalan gedhe . Bocah cacah 6 mau isih babalas bae .

“Arep adus ing kali po piye ?.” batinku

Satekane ing sanggar ,aku salaman karo Pak Sukir ,Guru Karawitanku uga Pembina sanggar .

“Mbak Farah ,mangke katekan anggota enggal cacah 6 nggen gerong kalih demung 2.”

“Menika tiyang pundi Pak ?.” Takonku

“Bocah SMP 1 Jumantono ,mbak.”

Page 3: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

“Nggeh.”

Banjur aku mlebu ing njero sanggar . aku mlongo ,bocah iku malah ngguyu cekakakan mangerteni aku kaget weruh wonge ing kene . Bocah kuwi yaiku bocah kang ngutahi Big Cola ing klambiku ,midak sikilku lain sing nggleyeri aku ing dalan mau . Tibakno ,bocah kuwi yo gabung ing sanggar iki .

Pak Sukir uga mlebu nemoni aku lan bocah kuwi . Panjenengane ngasta kertas notasi banjur dibagekake .

“Lesung Jumengglung kaliyan Mars ’45 Pak ?.” pitakone bocah kuwi

“Nggeh .”

“Niki Mbak anggota enggale ,Mas Bangkit . Napa sampun kenalan ,kok ketoke akrab sanget ?.” Pitakone Pak Sukir sinambi ngelungke notasi .

“Mpun Pak ,Mpun kenal Sanget .” Saurane Bangkit

“Dereng Pak ,Kula mboten kenal .” aturku karo ajar mainke Lesung Jumengglung

“Yo ,padha diwiwiti !”

Mas Wawan kang nabuh kempyang ngwiwiti gendhing

5..6.235.1.65312

2.36.12532356…..

Swara gamelan milut ati ,kepenak dirasaake ,lan dirungokake . Iki sebabe kena ngapa wong asing padha tresna marang gamelan .

* * *

Jam 6 wengi latian wis rampung . Kabeh padha salaman Karo Pak Sukir . Kalebu aku lan Bangkit .

“Ati-ati ,mbak,mas . leh ngepit alon-alon .” Pesenne Pak Sukir

Wektu njupuk pit ing parkiran ,tak tamat-tamatke ban pitku . Walah ,,kempes . Klepe ilang . Iki mesti gaweyane Bangkit Cs . Rada sawetara ,Bangkit uga menyang parkiran . Bangkit dakpleroki .

“Ana apa ta ,Plerak – plerok . Sirik po piye ?.” Pitakone Bangkit .

“Iki deloken ban pitku ,tok kempesne ta ?.”

“Ora ,Jeng …….. Wong aku yo latian karo kowe .”

Page 4: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

Banjur aku udur karo Bangkit . Aku isih ngengkel bae menawa wonge kang ngempesi ban pitku . Apa maneh wonge seneng usil . Bebungahane wong – wong sajinis Bangkit kuwi yen wis kasil nggodhani wong liya . Pungkasan rampung prekarane ,wektu Pak Sukir rawuh misah aku karo Bangkit . Sabanjure Bangkit ngeterke aku muleh . Dene motorku digawa Fathony lan Wawan menyang bengkel kang ana ing pinggir dalan .

Bangkit ngeterke aku teka ngarep omah ,ndelalah bae kulawargaku padha lelungguhan ing ngemper karo ngopi . Mangerteni aku diterke mulih Bangkit ,bapakku malah nyeluk Bangkit ,dikon mampir ngomah.

“Mampir kene ,le . Nggone Lek Yanto .”

Ibuku uga melu nyeluk

“Mas Bangkit ,mampir !.”

“nggeh ,Lek,”

Dakpikir-pikir bocah iki kok bisa kenal wong tuwaku . Saka ngendi genahe . Malah mampir sisan . Jan ,bocah kok ora nduwe wirang babar blas . Mudhun saka pit aku ndlujur mlebu kamar . Ora takokan . Sawise nyelehake tas aku mapan ing kasur saking kesele latihan dhek mau . Gek ndang turu sesuk ben bisa tangi esuk . Dongaku .

* * *

Kringggg …………………

Alarm muni ,wis jam 2 esuk . Aku isih rada ngantuk . Ananging saking bungahe banjur mancal kemul ,wudhlu ,shalat tahajjud ,lan nonton Real Madrid ing TV. Esuk iki jatrah ana pertandingan Real Madrid Vs Barcelona ing La Liga . Sanajan aku bocah wadon anaging kesenenganku salah sijine yaiku nonton bola . Apa maneh ,menawa enek Real Madrid ,walah sak kulawarga bisa kancilen amarga krungu suaraku bengak-bengok ndhukung El Classico .

Durung genep anggonku mlangkah menyang ngarep TV sikilku kesandhung helm .Ora nyana ,kang nduwe helm iku Bangkit . Wonge turu ing ngarep TV karo bapakku lan Mbah kakung . Mripate kriyip-kriyip mangerteni ana wong ing sangarepe . Banjur Bangkit turu maneh .

“Lehku nonton bola kepriye iki ?.”

Bangkit ngelungke hp saka kanthonge

“Nonton TV nggo iki bae . Ndang ngalih kana !.Perintahe .

Page 5: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

Banjur daksrawut nggo nonton bola . Nganggo hp ora popo tinimbang kudu nonton Tv ing sampinge .Sabubare pertandhingan ,iseng bae dakbukaki gallery-ne . Tibakno akeh tenan folder fotone . Jenenge yo aneh-aneh sisan NPz,FmG ,KLj,lsp .Wektu dakbukak njerone ana foto kulawargane lan koncone.

’’Walah bangkit iku putrane Pak Darno ,toh !. Gek iki ana fotoku sisan .”

Ora let suwe bangkit sms aku kon mbalekne hapene . Banjur dakbalekne menyang ngarep TV . Jatrah bocah rada kepriye ngono . Barang aku wes neng sampinge wonge malah wus merem maneh .

Adzan nduduhke wanci shubuh . Banjur aku menyang kamar mandi saprelune wudhlu kanggo sholat shubuh .

Wus kurang luwih setaun aku ora ketemu maneh karo Bangkit . Wonge dhewe sakiki sekolah menyang SMKI Surakarta jurusan seni musik . Wektu awal-awal pindhahan ,seminggu sepisan wonge mulih . Kala-kala yo dolan menyang omahku . Ananging 3 sasi ,4 sasi sabanjure wonge ora tau dolan menyang omahku maneh . Ketemu neng dalan we yo ora .

Biasane wonge sms yahmene iki . wektu sore nek ora yo bengi sabubare maghrib . Daktunggu – tunggu smse Bangkit . Suwe anggonku nunggu , wonge ora ndang sms .

Hapeku muni ,dakdelok tibakno Bangkit telfon .

“halo,”

“Far ,ana neng ngomah pora ?.” pitakone bangkit .

“Ana ,lha ngopo ?.” jawabku

“ummm ,mung takok .”

“yo,”

Tut,tut,tut .

Swara langkah wong ana ing mburiku . Aku mengo , ,Bangkit ?

“Rasah nggumun ,kat dhek mben aku wus bagus . Ra perlu dipentholongi neh .” Omonge Bangkit

“Huuuuulllll,”

Banjur aku lan Bangkit ngguyu …..

Page 6: Cerpen basa jawa (Tuladha cerpen basa jawa)

o.r.i.g.i.n.a.l